Kencing
“Weleh-weleh napa meneh koe cing!!”,sambatku
nalika motor vespa sing tak tumpaki mogok meneh nalika arep mulih menyang kosku.Anyel atiku nalika Kencing vespaku
bola-bali mogok,kendaraan pertamaku sing nukokoke bapakku nalika aku mlebu SMA.
Tak uthek-uthek
busi mesin vespaku,coba tak resikki banjur tak pasang meneh.Banjur coba tak
uripke,”Threng!!teng teng treng….!!,Alhamdulilah!”, Kencing bisa urip meneh,aku
banjur neruske anggonku mulih,ananging ora ono 20 meter aku mlaku Kencing mogok
meneh,”waduuuuh napa meneh iki!!”,yow wis sanajan isih rada adoh Kencing tak
tuntun mulih.
Dina iki
Kencing wis bisa tak enggo meneh,dongaku muga-muga Kencing ora mogok meneh kaya
dek wingi.kaya biasane aku mangkat kuliah jam 7,wis meh telung semester
anggonku kuliah,ananging durung ono wanita kang coba tak cedhaki,sanajan akeh
cah ayu kang tak kenali.lan dina iki uga aku kepingin temenan golek calon bojo
kanggo ngancani aku nalika bungah utawa susah.
Ayu,wanita
kang pancen ayu kang nengsemke atiku,saka kanca-kancane aku ngerti yen dhewekke
isih jomblo,aku nyoba nyedhakki dheweke nalika ning kantin ngarep fakultasku.”Ayu..
bubar kuliah apa?”,pitakonku kanggo basa-basi,”sory..,kowe sapa ya?”,saka
wangsulane atiku rada isin lan minder,amarga dhewekke pancen durung kenal
aku,”kenalke aku Arok,cah Basa Jawa semester telu”,”ow iy iy”,kanthi mesem
dhewekke mangsuli.”kok ngerti jenengku saka sapa?”,mengkono pitakone ayu,”yo
ono lah..ga penting ta?,kowe bubar kuliah apa?”,”Ya ono lah ga penting juga
ta?”,”yaah kok melu-melu”,wangsulanku kanthi mesem.sak wetara setengah jam
anggonku ngobrol karo ayu,aku kepingin weruh nomer HP ne.”Ayu,oleh ra aku minta
nomer mu?”,”727 enam kali..”,”loh.. kok kaya lagu?..,aku temenan minta
nomermu,supaya aku bisa kenal kamu lebih jauh..,”,kanthi bungah banjur dhewekke
menehi nomer HP ne.
Banjur arep
mulih aku nawani Ayu supaya bisa dak terke mulih ning kose,”Ayu,ayo tak terke
tekan kosmu”,ow ra usah makasih Rok”wangsulane dheweke kanthi malu-malu mau”,”lhoh
aku temenan lho pengen ngeterke kowe bali,tah awake dhewe searah juga
ta?”,”mosok sih,emange kosmu ngendi?”,”Aku kos ning Patemon,kowe juga ta?”,”yah
sok ngerti,kosku kan Banaran,ga searah lah”,”e..tapi aku juga meh ning banaran
sek og,meh nggarap tugas nggone kancaku”,”hehe yow lah aku melu,daripada
alesanmu saya ga jelas”,aku isin krungu wangsulane kang mengkono,nanging sak
temene atiku yo bungah banget,bisa nggoncengke wanita idaman.
Nalika
dheweke ngerti kendharaanku mung vespa,dheweke sajak emoh lan isin ta
goncengke,”ayow yuk! Kita pulang”,”Arok,aku kayake mending mlaku wae deh,soale
aku mesakke motormu”,”loh! Ga pa pa! ta jamin kita bakal sampai tujuan..”.
Embuh merga
pancen hawane panas apa merga isin nalika gonceng aku dhewekke nutupi wajahe
sing manis nganggo tas cangklong sing digawa dhewekke.Ah yow ben lah sing
penting aku bungah,batinku nalika goncengke Ayu numpak kencing vespa
kesayanganku.
Bareng wis
tekan kose,”Makasih ya Rok”,”ow iy iy santai wae yen butuh tumpangan tinggal
sms aku”,ananging dheweke langsung mlebu
omah tanpa omong liyane.
Saben wengi
Aku sms Ayu,ananging embuh merga apa pisan wae dhewekke durung tau mbalesi sms
ku .nalika aku dolan ning angkringan ngarep kosku aku kepethuk dhewekke lagi
lungguh jejer karo kancane ning ngarep latar kos bocah lanang,”Ayu”,dak celuk
jenenge,ananging dhewekke amung ngulatke tanpa aruh-aruh.Dhewekke banjur ta
cedhakki,”e..Ayu ge apa?”,”Sapa kui Yuk?”,pitakone bocah lanang kang lingguh
jejer karo ayu mau,”ow Cuma kancaku kok yang”,kanthi kaget aku mangsuli,”lhoh
yuk mase iki pacarmu?”,”Iya aku pacare kowe meh ngapa!”,wangsulane bocah lanang
mau,”lhoh kok kowe nyolot mas aku kan takon Ayu,dudu kowe!”,”loh aku kan
pacare,kowe kok teka-teka gawe rame wae,ngajak rebut piye!”,”lhoh mas aku kan
ngomong apik-apik ora ngajak rame”,”uwes-uwes! Rok kowe ga nonton ya?aku ki wis
duwe pacar,ya mase iki pacarku”,”kok kowe ga ngomong-ngomong karo aku
Yuk!”,”buat apa aku ngomong karo kowe! Emange kowe sapa! Kowe ngaca dong”,tanpa
tak tanggepi wangsulane mau aku banjur lunga saka kono kanthi ati kang perih.
Ah yow wis
lah mungkin pancen dudu jodohku,dudu jodoh apa pancen aku ora payu,batinku
nalika aku klekaran ing kasur kanthi suasana kang sepi.
Aku ora
bakal nyerah lan aku tetep pengin duwe pacar kang kanthi jujur gelem nampa aku
apa anane.Nalika aku mlaku-mlaku karo Kencing ing taman kampus aku kepethuk cah
Ayu kang lagi bingung jalaran kendharaane mogok ning pinggir dalan.”mbak,ada yang bisa saya
bantu”pitakonku kanthi esem kang nggemesi,”iya mas aku minta tolong motorku iki
di dandani ben isoh mlaku meneh”,”iya iya santai mba ta cobane”,coba tak copot
busine,”ow mba iki busine sing teles”,”iya mas tulung diresiki
ya?”,”sip-sip”.sakwise tak resikki banjur tak pasang maneh,lan coba tak
uripke,”lhah isa ta mba”,”wah makasih tenan yow mas”,kanthi malu-malu mengkene
wangsulanku”iya sama-sama mba,tapi ngomong-ngomong nama mbak sapa?”,”aku Dina
mas kowe sapa?”,”aku Arok,aku oleh rak minta nomer hp ne?”,”iyow oleh
lah,cathet yam as”,”ya siap”.

Saben wengi
aku sms dheweke.Dak kira wis cukup anggonku kenal marang Dina,aku duwe
kekarepan arep nembak,arep nyatakno tresno marang dhewekke.
Sore iki Aku
ngajak ketemuan karo dhewekke ning embung ngarep kampus.wis setengah jam
anggonku ngenteni,coba tak sms lan ta telpun ananging ora di bales lan ora tau
dijawab.yow wis lah tak tunggu seprapat jam meneh.wis kesel anggonku nunggu aku
banjur mulih menyang kosku.Ora nyangka aku kepethuk dhewekke ning dalan,aku
mandek banjur tak parani,”Dina kok suwe men,aku wis nuggu kawit mau lho”,”ow iy
rok aku lali,hp ku masalahe lagi rusak”,padahal aku ngerti hp ne disimpen ing
kantongan kang nonjol iku,”iyow wis ga papa,Dina aku mung arep ngomong,aku
seneng,lan aku tresno marang sliramu,gelem apa ora kowe dadi pacarku”?,sanajan
ning kono mau akeh kancane dhewekke, aku ora isin lan aku ora wedi amarga aku
tresno kepati-pati marang dhewekke.”Eh eh Rok maksudmu apa? “,”Dina aku tenanan
aku pengin kowe dadi pacarku”,merga krungu omonganku mau kanca-kncane sing ning
kono pada nyuraki aku.”Arok aku ora duwe rasa tresna sithik-sithiko marang
kowe,kowe nyawang ta awakmu kaya piye,kowe nyawang ta tumpakanmu kaya apa
rupane!”,Tanpa tak wangsuli aku lunga saka kono.aku malah maturnuwun marang
Gusti,amarga saka omongane Dina mau aku ngerti,yen saupama gelem dadi pacarku
malah rekasa anggonku urip.
Wis ping pindho aku ditolak wanita,lan aku ora
bakal nyerah ngono wae.ing wayah sore aku mlaku-mlaku karo kencing mubeng kutha
Semarang,ora nyagka nalika arep mulih,”dhorrr!!” jebul bane ngarep kencing bocor,amarga ora nggawa ban serep kencing
banjur tak tuntun menyang tambal ban,sak wetara mlaku setengah kilo aku oleh
tukang tambal ban.
Aku kaget
nalika tekan kono dak sawang cah ayu uga manis saumuran karo aku ananging
nanggo kaos rada reged lingguh ing kursi dawa,”Bocor mas”,pitakone
dhewekke,”enggih mbak,ingkang nambal ban wonten pundi nggih?”,”ow kula piyambak
mas ingkang nambal”,kaget atiku,kok ono cah ayu gelem nambal,”lhoh panjenengan
ta ingkang nambal?”,”enggih..”.

“Sampun
mas”,”enggih-enggih mbak,pinten mbak?”,”gangsal ewu mawon mas”,karo menehke
dhuwit aku takon”mbak namanipun panjenengan sinten nggih?”,”kula Anjani mas,lha
panjenengan sinten?”,”Aku Arok mbak,ngomong-ngomong nomer hp panjenengan pinten
nggih?mbo menawa kapan kapan ban kula bocor melih ajeng kula beta mriki
mawon”,”enggi-enggih niki mas nomeripun kula”.
Saben dina
tak sms dhewekke,lan dhewekke mangsuli terus kanthi basa kang alus lan enak
ning ati.tanpa suwe-suwe aku dolan menyang omahe,”sugeng dalu Anjani”,”o.. mas
Arok bocor melih ta?”,rada isin aku mangsuli ”mboten kula badhe nyuwun
pirsa,ngapunten upami pitakenan kula niki kirang sopan,e.. punapa panjenengan
sampun gadhah pacar?”,banjur dhewekke mangsuli,”ah neko-neko wae
panjenengan,direwangi tindak dugi mriki naming ajeng taken ngoten”,”kula
temenan Anjani”,”jujur mas kula dereng gadhah pacar,sinten ta sing purun kalih
kula”,tanpa sengaja aku langsung nyaut”Aku gelem banget!,eh..saestu njenengan
dereng gadhah pacar?”,”enggih saestu mas”kanthi esem kang manis dhewekke magsuli,”nek ngono punapa
panjenengan purun dadi pacar kula?dadi calon bojo kula?”kok kesusu ta mas”,”Aku
tresna kepati-pati marang sliramu Anjani,gelem ta?”,banjur kanthi mesem
dhewekke wangsulan”enggih mas Arok kula purun dadi pacar njenengan,dadi calon
bojo njenengan”.”huwaaah maturnuwun Gusti!!”banjur tak ambung tangane.
Embuh ngimpi
apa aku sak durunge,bisa duwe pacar kang ora umum ayune lan alus atine.
Ing dina
minggu iki aku ngajak Anjani mlaku-mlaku numpak Kencing menyang pantai
Marina.Nalika tekan kono aku ngombe es degan siji dinggo wong loro,senenge
atiku bisa lungguh sesandhingan karo dhewekke.ning batang wit klapa tak tulis
jenengku karo dhewekke.
Nalika wis
wayah sore aku lan Anjani banjur mulih,ora nyangka nalika separo dalan anggone
mlaku udan ngendhegke aku anggone mlaku.

Anjani
Kaya biasane,tak sawang cah ayu kang lungguh
neng sisihku,meh saben dina aku kepethuk dheweke.Eseme manis,rambute
ngandan-andan,alise nanggal sepisahan kaya foto model sing dadi bintang
iklan.Atiku tambah ayem,merga cah ayu mau saiki wis dadi pacarku,wis dadi calon
bojoku,calon ibu saka anak-anakku.Saben nyawang dheweke aku mesti kelingan
nalika aku ngandhakke tresna marang dhewekke,aku kaya-kaya ora percaya bisa
duwe pacar kang alus atine uga ora umum ayune.
Aku isih kelingan tembung-tembung kang tak
kandhakke marang dheweke,nalika aku ngandhakke rasa tresnaku marang
dhewekke,aku ngomong mengkene,”Anjani,uwes suwe aku kenal sliramu,aku kepengin
dadi uwong kang terus ana ing sisihmu nalika kowe bungah utawa susah,aku
kepengin uga kowe terus ana ing urip lan matiku.Anjani,Aku tresna marang
sliramu,gelem apa ora kowe dadi pacarku,dadi pepadhang uripku,lan sawijining
dina lungguh ing pelaminan karo aku”.Kanthi mesem dhewekke mangsuli,”Arok,kowe
ki janjane omong apa ta?”.Saka wangsulane kang mengkono mau jantungku langsung
mak dheg! lan entek atiku,Aku krasa yen mesti aku bakal ora ditampa.Banjur
dhewekke ngomong mengkene,”Arok, aku tresna uga marang awakmu,aku kepingin kowe
terus ana ing atiku,lan aku kepengin uga ing sisihmu nganti sak matiku”.Krungu
omongane kang mengkono,atiku bungah lan dhewekke banjur tak kekep kanthi rasa
tresna kang durung tau tak rasakake.
Ing endahing pakuliahan Aku lan Anjani pancen
ora ketok kaya bocah kang pacaran,ananging sakabehing perkara mesti tak lakoni
karo dhewekke.Aku sadar,Aku dudu uwong kang romantis,kaya ing film drama kang
diperanke para Artis,Aku uga dudu pujangga kang nulis kanggo golek
bandha.Ananging aku kepengin apa anane marang Anjani,Aku kepengin gawe bungah
atine saksuwene aku isih bisa,merga aku wedi kelangan Anjani,Aku wedi yen
Anjani kesengsem marang priya liya.
Aku duwe pepinginan bisa nukokke Anjani kalung
,uga dudu kalung dolanan,ananging kalung tenan,merga tresnaku iki tenanan lan
ora amung dolanan.Ananging pancen rada abot anggonku nggayuh pepinginan
kui,merga aku dewe saka keluarga pas-pasan,tak nggo mangan saben dina wae susah,apa maneh nggo tuku kalung kang ora
murah regane.Sanajan mengkono tekadku wis mantep,apa wae bakal tak lakoni. 

Tak tonton ing dompet duwitku isih kurang akeh
menawa dinggo tuku kalung emas,lan kanggo nyukupi kuwi aku banjur pasa,lan aku
nyoba ngamen.Kanthi gitar sing wis ngancani aku telung taun,aku banjur ngamen
neng ndhuwur bis,ananging sing tak tampa dudu
duwit ananging tembung-tembung kang gawe laraning ati.Aku banjur mudhun
ing terminal,ing kono aku nyoba ngamen maneh,durung rampung sak tembang ana
pengamen liya kang marani aku,”he! Le,koe ngamen neng kene jaluk mati
piye!”,mengkono tembunge wonge mau.aku kaget saka tembunge,lan kanthi alus aku
coba takon,”mas,janjane salahku ki apa?kok sampean ngomong ngono?”,”kowe ngerti
apa ora yen ngamen neng kene kuwi wis ana organisasine wis ana sing
ngatur”.”mas aku mung nyoba golek dhuwit,lan aku yo ora bakal terus-terusan
ning kene,mbo aku diwenehi wektu kanggo ngamen sedilit wae”.krungu wangsulanku
kang sajak nekat mau,dhewekke banjur nyeluk kanca-kancane,ora cetha merga apa
aku malah diseret ing buri mushola terminal.aku di kroyok di ajar ora
uwesp-uwes lan gitarku banjur di idak-idak nganti ora karuan wujude.
Kanthi awak lara kabeh aku mulih,lan nyoba
golek gawean liyane.ing samping omah kosku ana tukang bangunan kang lagi nggawe
omah.aku nyoba nembung,”pak kula pengen ngrencangi nyambut damel panjenengan
pareng pak?”,mengkono pitakonku.pak tukang mau amung mesem.aku takon maneh”pak
kula saestu pengin nyambut damel,diupahi pinten kemawon kula purun pak”, pak
tukang mau mangsuli”yo Aku ewangono ananging kowe kudu temenan lan kudu sregep
anggone nyambut gawe”.Atiku bungah banget,lan aku langsung nyambut gawe dadi
buruh ing kono.

Aku banjur milih kalung kang pantes kanggo
Anjani,tak pilihke kalung kang bandule Liontine kanthi mutiara ireng ing
tengahe.Aku banjur menyang kos e Anjani.Ing dalan kang sepi aku dicegat wong
enom-enom kang lagi mabuk,tak cepetke anggonku mlaku,ananging uwong-uwong mau
nyekel aku,aku digledahi lan dijaluki duwit,ananging sing dijupuk malah kalung
kang lagi wae tak tuku mau,aku ora trima lan tak rebut maneh kalung mau.aku
malah di ajar,lan tak lawan wong-wong mau,ananging merga dikroyok aku amung
bisa pasrah lan tetep tak lawan ngasi tetes enteking getih.lan amung sia-sia
anggonku nglawan mau.Banjur tak wenehke kabeh sisa duwitku lan tak jaluk bali
kalungku mau,ananging salah sijining uwong mau mangsuli,”kowe yen pingin
kalungmu iki bali ora mung dhuwit sing dak arep-arep,yen pancen gelem ombenen
sek uyuhku iki!”,merga wis ora duwe daya maneh aku amung bisa nampa karepe
uwong mau,dak ombe uyuhe kanthi ati kang perih,kaya-kaya aku wis ora duwe harga
diri ing narepe wong-wong mau.
Dak teruske lakuku menyang kose Anjani,bareng
tekan,Aku kepengin gawe bungah atine kanthi kalung kang tak gawa kanggo
dhewekke,pramila aku ora ngetok pintu dhisik,ananging langsung dak bukak pintu
kose mau.Atiku mak dheg, dak weruhi Anjani lan priya liya kang turu ing
pupune.Mangkel lan kuciwa atiku weruh wanita sing tak tresnani lagi pacaran
karo wong liya.ananging tak gawe sabar atiku,lan aku amung ngomong “Anjani dina
iki ulang taunmu,lan aku amung bisa menehi kalung iki,sing dak temu saka
reregetan kang kaguak ing antarane wong kang cidra asmara.

Layu nalika purnama
Pancen ana rasa sengit lan anyel
nalika pacarku sesandhingan karo priya liya,”Jani jujur wae karo aku,sejatine
kowe isih tresna po ra marang aku?”,”kowe ngomong apa ta yang?”,”rasah nyeluk
aku ‘yang’ yen pancen kowe wis ra ana rasa tresna karo aku meneh”,”Arok! Kowe
jan jane napa ta!isoh men ngomong ngono karo aku”,”rasah nopa napa! Aku tenanan
iki yen pancen kowe isih tresna karo aku,kae! Sing jenenge Karlo aja bok temoni
meneh aku anyel yen kowe sesandhingan karo dhewekke”.ananging Jani mung meneng
wae tanpa wangsulan apa-apa.
Anggonku pacaran karo Anjani pancen wis
suwe,sak wetara siji setengah tahun aku pacaran karo dhewekke,Aku tresna
kepati-pati karo Anjani lan aku ora bakal ngeculke Anjani marang priya liya.
Akhir-akhir
iki aku pancen rada curiga marang Anjani,nalika dhewekke kuliah aku kerep
ngerti dhewekke dolan karo priya,embuh kancane apa sapa.Nalika aku mulih saka
kampus,kaya biasane tak sms Anjani,”Jani dah pulang belum nie,kalo udah tak
tunggu ya,ditempat biasa”mengkono smsku,biasane sak bubare kuliah aku janjian
karo Anjani ketemu ing ngisor uwit sak tengene air mancur ing taman kampus.
Embuh napa
kok dhewekke ora mbales smsku,ya wis lah tak tunggu ning panggonan biasane ing
taman.sak wetara setengah jam aku lingguh dhewekan,kaya biasane aku mbayangke
saben mulih saka kuliah aku lingguh sesandhingan karo Anjani ing kene.
Wis suwe
anggonku nunggu,aku banjur mlaku mulih dhewekkan.Ora nyangka nalika mlaku aku
ngerti dhewekke digoncengke bocah lanang,mak dheg atiku anyel lan mangkel
ngerti dhewekke boncengan karo priya liya.
“Jani kowe
wingi digoncengke sapa?”,pitakonku nalika ketemu dheweke ing kampus,”lhoh,kapan
ta Rok!”,”ah rasah alesan jujur wae kowe wingi mulih kuliah karo sapa”,”ow dhek wingi,aku bonceng kancaku rok,”,”iya
sapa!Karlo ta?”,”e…ho’o”,”aku wis ngomong ta aja hubungan karo kae!aku
cemburu,aku wedi kelangan kowe!”,”Arok aku mung kancan karo dhewekke enggak
lebih kok”.
Tak gawe
sabar atiku.ananging swijining dina aku kepethuk dhewekke lagi lingguh
sesandhingan karo Karlo ing latar ngarep kose,tanpa mikir suwe banjur tak
parani,”woi Karlo ngapa kowe dolan rene,kowe ngerti ta Jani pacarku”,ananging
Anjani sing mangsuli,”Arok kowe ngapa ta,teka-teka kok nesu-nesu”,”meneng kowe!
aku ra takon kowe,he Karlo jawab pitakonku kowe ne kene ngapa!”,kanthi
slengekkan dhewekke mangsuli,”lhoh kowe ra nyawang ta,aku lagi pacaran karo
Anjani ngono kok”,”bajiingaaan!”tanpa mikir ta jotos raine,banjur aku lunga
saka kono. 

Liya dina
aku kepethuk Anjani lan Karlo ing taman kampus,”Karlo!kowe ra kapok-kapok
ya!”,”santai santai Rok,ga usah ribut,saiki takonono Anjani,dhewekke luwih milih
aku apa kowe!”,”Jani tulung kowe jujur,kowe luwih mlilih aku apa Karlo?”,kanthi
metu luh saka mripate dhewekke mangsuli”maaf Rok bareng tak pikir aku milih
karo Karlo wae”,”tega kowe Jani,ananging aku tetep tresna marang sliramu”.aku
banjur lunga saka kono kanthi perihing ati.
Sawijining
dina aku kepethuk kancaku Adi ing kantin kampusku,”Rok!kok dhewekan wae!”,”ho’o
Di”,”Rok wingi pas lagi jajan ning RM siap saji aku ngerti pacarmu karo wong
liya lho”,”iya,aku wis putus kok karo Anjani”.”wo..pantes”,”pantes piye
Di?”,”iya mulakne dek wingi aku krungu lagi pada ngomongke kowe”,”ngomong piye
Di?”,”yo ngono lah Rok, aku malah ga enak karo kowe”,”rapapa Di, omongno
wae”,”yo.. intine ngelek-elek kowe Rok”,”iya terus?”,”yo Anjani crita karo
pacare yen kowe kurang Romantis lah,kurang perhatian lah,malahan dhewekke
ngomong’umpama aku isih karo Arok,aku ga bakalan bisa mangan enak kaya
ngene’ngono Rok”,aku mung isa meneng krungu critane Adi mau.
Liya dina
aku banjur ngajak ketemu Anjani ing Taman.”Jani,tulung kowe jujur,apa alesanmu
kok luwih milih Karlo, aku kurang apa?”,ananging dhewekke mung meneng wae tanpa
wangsulan,”Jani aku ngerti aku pancen ora romantis,aku juga kurang perhatian
karo kowe,lan aku ngerti,pacaran karo Karlo pancen luwih nyenengke tinimbang aku,ananging
kowe sadar ta?,yen duwit sing nggo nyenengke kowe dudu duwite Karlo dhewe,lan
aku yakin kuwi duwit saka wong tuwane dudu saka kringete dhewe,saupama aku
anakke wong duwe,aku yo bakal nyenengke kowe.”sakwise ngomong ngono aku banjur
lunga lan ninggal Anjani dhewekan lingguh ning kono.

Saben dina
Anjani mung bisa nangis ngadhepi kahanan.”uwes Jani,sabar..sabar”,”Rok aku ora
etuk mulih nenggone wong tuwakku,sak durunge mulih karo bojoku,karo bapak saka
anakku”,”Jani..aku siap dadi bojomu,dadi bapak saka anakmu,lan bakal tak rawat
kaya anakku dhewe”,”Rok kowe gelem ta melu aku nenggone wong tuwakku?”,”e..
jujur Jani aku durung siap,aku durung bisa golek dhuwit kanggo nguripi awake
dhewe lan anakke awake dhewe mengko,aku kepingin nyambut gawe dhisik
Jani..”,”yen mengkono awake dhewe golek kontrakan dhewe ya?aku ga enak karo bu
kosmu”,”Jani..maaf aku durung duwe dhuwit nggo ngontrak”,”iki.. kowe bisa adol
kalung lan cincinku,rumayan bisa dinggo DP dhisik Rok..”,”e.. terus kuliahmu
piye?”,”aku sementara mandheg dhisik Rok,besuk yen anak kita wis lahir arep tak
lanjutke”.
Sak wise
etuk kontrakan Aku karo Jani omah ning kono,sanajan mung cilik aku lan Jani wis
bungah bisa urip bareng.anggonku kuliah uga tak tinggal,lan aku nyoba golek
gawean sak etukke.Aku seneng bisa nyambut gawe sanajan mung kuli bangunan,saben
dinane aku etuk upah sewelas ewu.
Tak rasakke isih kurang penghasilanku
kanggo nyukupi kebutuhan saben dina.aku banjur golek gawean sampingan.saben
wengi aku buruh nyuci piring ning Rumah Makan cedhak kontrakanku,saben dina aku
diupahi pitung ewu sejene kuwi aku kadhang-kadhang di wenehi lawuh kanggo
digawa mulih.
0ra krasa wis wolung wulan aku omah
karo Anjani,lan wis meh sangang wulan Anjani hamil,saiki Anjani wis ra iso
apa-apa,amarga wetenge wis gedhe dhewekke mung isa nglekar ing dhuwur
kasur.seminggu pisan aku banjur nyeluk Bidan tangga kampungku,kanggo mriksa kesehatane
Anjani.
Kaya biasane saben dina, sak durunge
lan sak wise nyambut gawe aku nyuapi maem kanggo Anjani,kadhang tak masakke
bubur,yen pas ra duwe beras yo mung sayur sak onone.karo nyuapi dhewekke aku
ngomong”Sayang kowe istirahat sing cukup ya,aja kakean gerak
dhisik,”,”..Sayang..,sakwise anakke awakedhewe iki lahir,kowe pingin cowok apa
cewek?”,”a..Aku,cowok cewek padha wae sayang,bakal tak rawat ngasi sak uripku
kanthi rasa tresna.
Aku banjur budhal nyambut gawe,Anjani
tak tinggal ning ngomah dhewe,ing sandhinge namung dikancani radio kang wis ra
cetha suarane.
Nalika nyambut gawe,ora kaya
biasane,dina iki aku mung kepikiran karo Anjani kang dhewekan ning ngomah,atiku
ora tega ninggal Anjani kang lagi Hamil tua.aku banjur pamit karo juraganku,lan
aku banjur mlayu mulih.

Enem jam aku nunggu ning ngarep kamar
operasi kanthi ati was-was,banjur dokter e metu,”gimana buk keadaan istri dan
anak saya?”,pitakonku karo gemeter.”maaf pak kami sudah berusaha semaksimal mungkin,tapi anak bapak tidak tertolong”,mak
dheg atiku,”terus istri saya gimana dok?”,”istri bapak mengalami pendarahan
hebat,sampai sekarang belum sadhar,besuk kita lihat perkembanganya dulu”.
Telung dina telung wengi aku nunggu
ing sandhinge Anjani ing ruang ICU,dhewekke banjur sadhar,”sayang..”,kanthi
suara alun dhewekke nyeluk jenengku,”Iya sayang aku ning kene..”,dheweke banjur
takon,”anak kita cowok apa cewek?”,merga ora wani gawe gela atine aku
ngapusi,”anak kita cowok sayang..”,dhewekke amung mesem lan ngomong”Sayang
tulung kamu rawat anak kita ya..”,karo tak elus bathukke aku wangsulan”iya kita
bakal ngrawat sampai gedhe..”.ananging dhewekke merem meneh lan ora omong
apa-apa.”Sayang...,Jani!..Anjani! bangun sayang..!,banjur tangane sing adem tak
demek,lan tak rasakke denyut Nadine jebul wis ora ana,banjur aku mlayu nyeluk
dokter,sakwise mriksa,dokter ngomong,”maaf pak,istri bapak telah dipanggil
Tuhan”.Sak nalika Aku nangis lan tak kekeb ragane Anjani kang wis tanpa nyawa.
Kembang
pete
Nalika wayah
wengi ing omahe Pak Haji kang lagi ana dhangdhutan,kanggo mengeti supitan
anakke.”goyang terus Rok..!”,”siap bro..!ngasi esuk..”,nalika iku Aku lan Adi
kancaku lagi joget dhangdhut ing kampung liya.
Tanpa tak
sengaja nalika joget tanganku napuk gundule wong liya kang lagi joget uga,”woy!
Nek joget matane dinggo!”,”sory-sory mas ga sengaja”,sanajan aku wis jaluk
ngapura dhewekke sajak ora trima,”Sory-sory..matamu kui!,ngajak ribut
piye!”,”ana apa Rok?”kancaku Adi takon.”iki Di kayakke ana sing perlu
diajar”,tanpa mikir suwe langsung tak jotos raine wonge mau,banjur ta idak-idak
karo Adi”modar..modar!”,jebul wonge mau akeh kancane,”woiiii…!”,”lhoh! Rok ayo
mlayu Rok,kancane pada teka!”,”napa mlayu! Biar tak ajar kabeh sekalian,durung
ngerti sapa Arok..”,Aku lan Adi banjur
dikroyok uwong-uwong mau”praaak! Prook! Praak!”,”ampun..mas!,ampun!”kanthi awak
lara kabeh aku lan Adi mlayu saka kono.
Anjani,Wanita kang dadi idam-idaman
para priya ing kampungku.”Jani arep ning ndi?”,”iki Rok arep nggoleki bapak
ning kelurahan,lhoh kok raimu bonyok bonyok ngapa?”,”ow biasa,cowok kok”,”bar
gelut ya?”,”ora.., sok tau kamu,..ngomonge meh nggolekki Pak Lurah?”,”ow iya,
tak tinggal ya?”,”iya iya ati-ati dijalan”.
“Sing omong karo kowe mau sapa
Rok?”,”sapa ta! Mulane aja micek wae!”,”halah.. Anjani ta..?,ngimpi kowe bisa
dadi pacare!”,”iya Di, aku memang mungkin mung ngimpi dadi pacare,tapi yen dadi
bojone,kenyataan bos!”,”cangkemu kui!,ra mungkin Anjani gelem karo
Banci!”,”lhoh,maksude?”,”iya..emang kowe pernah dolan ning omahe?durung pernah
ta?paling yen wani rono di beleh Bapakke”,”oke!mengko sore aku bakal dolan ning
omahe Anjani”.
Nalika aku arep ketemu Anjani,aku
kepethuk Bapakke lagi lungguh ning teras omahe,kanthi sikil gemeter aku
ngomong”sugeng sonten Pak Lurah..”,”iya ana apa?”,”Badhe ketemu Anjani saged
Pak?”,”ora ono,Anjani lagi wae metu”,”medal teng pundi nggih pak?”,”kok kakean
takon ta!”,banjur Anjani metu saka omah,”lhoh Rok..ana apa kok rene,nggolekki
aku ya?”,”kok malah metu ta nduk..”,”lha ngapa ta pak,wong Arok bocah
apik”,”apik apane!tonton kuwi kathoke,kathok kok kebak fentilasine,opo meneh
rambute,kaya buntut jaran!”,”berarti rambutku juga buntut jaran!”,”yo.. tapi
kan nggonmu di semir ning salon,lha Arok kuwi,tuku semir rambut kok
kilonan”,”yo.. ben ta pak,sing penting kan atine”.

Ananging sak temene,anggone Anjani
ning Jakarta mau arep ketemu tunangane, kang wis dijodohke Bapakke,yaiku anake
kancane Bapakke kang dadi pengusaha sukses ing Jakarta.
Dina iki aku karo Anjani budhal
menyang Jakarta saka stasiun Balapan solo,nalika lagi nunggu kereta ing stasiun”Rok aku tak ning
tolilet sedilit ya?”,”iya silahkan,suwe juga ga papa..”,nalika ing toilet
Anjani nyentelke tase ning paku kang temancep ing tembok,bubar saka toilet
dhewekke lali nyangking tase meneh,”uwes Jani?”,”iya uwes Rok,lhoh! Tasku
endi!,ya ampun.. keri ning toilet”,bareng ditiliki tas mau wis ora ana.”waduh
Rok, tase ilang,padahal tiket lan duwit sanguku ning kono kabeh”karo nangis
dhewekke ngomong.”Waduh piye iki,apa mulih dhisik matur karo Bapakmu?”,”aja
Rok,aku ndhak disengeni”,”wah.. piye iki,jujur Jani,aku mung duwe dhuwit satus
lima las ewu,iki wae saka utang karo Adi,emange rega tiket loro pira?”,”satus
wulung puluh lima Rok..”,”ya wis,mumpung keretane durung teka,kowe ning kene
dhisik ya,aku tak golek cara”,Aku banjur menyang toko jam ngarep
stasiun.kepeksa jam siji-sijine sing tak duweni tak dol.”pak kersa numbas jam
kula?”,”endi barange tak tontone dhisik”,”ow niki pak,tasih sae kok”.
Sakwise di priksa,”tak tuku seket ewu
ya mas?”,”kok mung skeet pak.. mbo tulung diunggahke malih..”,”lha jalukmu
pira?”,”setunggal atus ewu ngoten pak?”,”ya ra payu yen semono,suwidak ewu
ya”,”waduh.. mbo ditambah malih pak,ajeng kula ngge tumbas tiket teng
Jakarta”ya wis,pitung puluh ewu ya?”,”tambah sekedhik malih pak”,”lha gelem apa ra?yen ra gelem ya
uwis,golek toko liyane kono!”,bareng tak etung jebul wis cukup,”nggih
sampun,manut mawon”.
Aku banjur bali menyang stasiun,”Jani
keretane durung liwat ta?”,”durung Rok..”,”ya wis tukuo tiket dhisik,iki
dhuwitte”.sakwise keretane teka aku lan Anjani banjur numpak,Aku lungguh jejer
karo Anjani,”Rok makasih ya wis nokokke tiket,”iya..,apa sih sing ora yen
kanggo kowe..”.
Esukke Aku lan Anjani wis tekan
Stasiun Gambir,”Jani..Jani,tangi Jani,ayo mudhun wis tekan”.tak sawang dhewekke
ketok lemes,aku banjur golek sarapan kanggo dhewekke,”Jani,ntenono sedilit
ya,aja neng ndi ndi,aku tak golek sarapan dhisik”.merga ngerti yen Aku wis ora
duwe dhuwit dhewekke banjur ndhelik ndhelik ngetutke aku.

Saka kadohan Anjani nyawang aku,kang
lagi ngepel lan resik-resik ing warung.Banjur wis rampung anggonku
resik-resik,”ini nasinya”,”iya,makasih buk”.aku banjur bali ning Anjani.”Jani..
iki sarapan dhisik”,”e.. lha kowe Rok?”,”ow..Aku wis ta maem ning kono kok”.
Nalika lagi maem dhewekke netesake
eluh ning pipine.”Napa Jani kok nangis?..”,”e.. ga papa Rok mung keselek
kok…”,”ow tak golekke wedang dhisik ya..”,”ga usah Rok,ga usah”.Aku banjur bali
menyang warung mau meneh,”maaf ganggu lagi buk,boleh minta air putihnya”,”ya
elah elo lagi!”,”tolong buk sekali ini..aja”,”tunggu,tak bungkusin bentar”.
Aku bali
ninggone Jani meneh,”iki Jani,diombe dhisik,maaf ya mung banyu putih
tok”,”rapapa Rok,makasih ya”.sakwise Anjani sarapan aku lan Anjani,banjur
neruske nggoleki alamat omahe om me.Tak sawang ana mas-mas kang tampange sangar
lagi jagongan wong loro,aku banjur takon.”misi mas,numpang tanya,jalan Kirai
Kebayoran Baru,cipete,Jakarta Selatan arahnya kemana yam as?”,”ow itu,aku
ngerti bos,Cuman.. kamu berani bayar berapa?”,”waduh Aku ga punya uang kok
mas”,”ya tau nggak punya uang napa nanya!,di Jakarta ga ada yang gratis!”,”ya
udah mas makasih”.Aku banjur lunga saka kono,nanging wonge mau nyelukki”woi
boss!sini dah”,”ada apa ya mas?”,”kalo ga punya uang,kayaknya cewek kamu aja
boleh tu,ntar ta kasih tau tempatnya?”,”maksudnya?”,”ah!.. berlagak bego loe,ya
kalo cewek kamu mau tak ajak maen dibelakang bentar,nanti tak kasih
tau!”,”maen..!,bajingan kowe!”banjur ta ajar wong loro mau,ananging malah aku
sing diajar ngasi remuk.”udah mas udah,tolong!tolong! Anjani mbengok Jaluk
tulung,preman loro mau banjur mlayu lunga,”Rok kowe ra papa ta?”,”ga papa
Jani,cuma cenat cenut..”.
Wis ngasi
bengi anggonku golek alamat mau,”Jani leren sik ya?awakke mendhing turu dhisik
sesuk esuk dilanjutke meneh”,”iya Rok,terus meng turu ngendi?”,”ning emperan
toko ga papa ta?”,”iya ga papa”.nalika arep turu tak sawang Anjani ngekep
wetenge,lan tak rungokke ana suara saka wetenge.”Jani kowe ngelih ya?”,”ora kok
Rok”,”ah rasah ngapusi,daripada mengko lara weteng,tak golekke dhisik ya?”.Aku
banjur menyang angkringan,”misi pak,kelihatanya gelasnya banyak yang kotor ya
Pak,boleh tak cuci in Pak?”,”ow gak usah mas makasih”,”tolong Pak dibayar nasi
kucing satu aja saya mau Pak?”,”ya udah silahkan mas”.Nalika aku lagi nyuci
Bapakke mau takon.”kamu disini baru yam as?”,”iya Pak aku baru nyampe sini tadi
Pagi”,”aslinya mana mas?”,”aku dari Solo pak”,”lhoh Solo?Solonya mana?”,”
Laweyan Pak”,”Aku yo Asli Solo lho mas”,”Bapak nggih asli solo ta,Solone pundi
Pak!”,”Aku mburi Pasar Legi mas”.

Aku banjur
bali nusul Anjani,”Jani.. iki aku oleh panganan akeh”,”ya ampun.. kok iso
Rok?”,”Jebul sing duwe angkringan wong Solo,malah aku dikandhani alamate Om mu
kui”.
Sak bubare
maem Aku lan Anjani banjur turu kanthi lemekan kerdus bekas,”Jani.. kowe
kedinginan ya?..iki jaketku nggonen”,”ra usah Rok”,”ga papa dinggo wae,Aku wis
biasa kok”,”makasih ya Rok”.
Esukke Aku
lan Anjani,banjur numpak bis menyang omahe Om me Anjani.nalika tekan ngarep
omahe Om me,kanthi nangis Anjani ngomong”Rok..maturnuwun ya wis ngeterke aku
tekan kene”,”iya iya ga papa”,”Rok.. Aku minta maaf ya?”,”e..minta maaf
apa?”,”kowe ngerti ra,sejatine iki omahe sapa”,”lhoh omahe Om mu ta?”,”dudu Rok
iki omahe tunanganku,calon bojoku,Aku wis dijodohke Bapakku Rok,lan nalika
tasku ilang ning stasiun kae,sejatine ora ilang,ananging tas kang ra ono isine
kae tak titipke kancaku kang pancen nunggu toilet ing kono,kowe mung tak
manfaatke Rok,merga Wong tuaku ora duwe dhuwit nggo nyangoni Aku,lan Anggonku
dikon menyang Jakarta merga Wong tuwaku wis ora sanggup ngurippi Aku
Rok,Bapakku wis kakean utang dinggo nyalon Lurah wingi,Aku minta maaf tenan
Rok…”, Rasane luwih becik mati tinimbang wong sing tak tresnani mblenjani janji,Aku
banjur wangsulan”tega kowe Jani..ananging Aku bakal nunggu tresnamu sampai
kapanpun itu..”.
Kapasitas
kriminal
Srengenge
wis lekas ngilang,langit katon endah kanthi cemloroting Srengenge ing wayah
sore,Angin semilir ing pinggir pantai,Sepi… mung suara ombak kang bisa ta
rungokake,lagi dhek wingi cah ayu sing tak tresnani ingkar janji,ninggal Aku
tanpa sebab kang pasti.
Saka adoh
tak sawang bocah wadon rambute dawa lungguh ing kursi kayu sak ngisoring
rerimbunan wit klapa,tak sawang dhewekke lagi nangis.pingin rasane atiku bisa
nyedhak marang dhewekke.ananging banjur ana priya marani lan lungguh ing
jejere,tak sawang priya mau sajak emosi lan muni-muni marang bocah wadon kang
lagi nangis mau.
Samsaya suwe
tak sawang priya mau tambah banget anggone emosi,priya mau banjur napuk pipine
bocah wadon ing jejere.Aku mung bisa nyawang,amarga males anggonku ngurusi
masalahe wong liya,ananging ora tega nyawang bocah wadon mau nangis Aku banjur
nyedhak.”Mas,sabar mas mbo aja kasar kasar karo cewek mas”,”he!kowe sapa!ngapa
ngurusi Aku,minggat kana!”,bocah wadon mau banjur ngomong marang Aku”mas tulung
aku mas”,”e.. iya mbak tapi masalahe apa?”,ananging priya mau sing
mangsuli”He!kowe rasah ikut campur ya yen ga ngerti masalahe,mending kowe cepet
lunga saka kene!”,”iya mas Aku lunga, tapi masalahe apa?sapa ngerti Aku bisa
mbantu”,”Opo mbantu!,ngene cewek iki duwe utang karo aku,kowe apa sanggup bayar
utange!”,”emange utange pira mas?”,”telung atus ewu,piye! Kowe sanggup
mbayari?”,kabeh duwitku banjur tak wenehke”iki mas Aku mung duwe rong atus
ewu”,”e.. ya wis kene”.priya mau banjur lunga saka kono.”makasih ya mas,Aku wis
mbo tulungi”,”iya mbak ga papa kok”,”e.. kenalin mas Aku Anjani”,”Aku
Arok,cowok mau sapa Jani?”,”e.. kancaku Rok,aku utang telung atus ewu karo
dhewekke,e.. ya wis ya Rok Aku ta bali dhisik,makasih ya”,”e.. iya iya”,ana
rasa gela dhewekke malah banjur bali ngono wae.ananging tak sawang saka kadohan
Anjani malah gonceng priya lanang,ya ora beda priya sing nagih utang Anjani
mau,”bajingan!..”aku lagi nyadar yen Aku lagi wae diapusi.
Liya dina
Aku kepetuk Anjani lan priya lanang wingi ing Warteg,wong loro mau kaget weruh
Aku,Aku banjur ngomong,”mas iki kekurangane utange Anjani dhek wingi”dhuwit
siji sijine mung satus ewu tak wenehke dhewekke,lan Aku banjur ngomong karo
Anjani”Anjani kowe ki ayu lho,kok gelem ta maem saka dhuwit kang ora
halal”.dhewekke mung meneng,Aku banjur lunga saka kono.

Sawijining
dina,Aku banjur nyoba golek gaweyan karo Anjani,ananging saben nglamar amung
ditolak terus.”Arok,Aku ga kuat yen ngene terus,saben nglamar mesti
ditolak,piye ana dalan liya ora?”,”maksudmu?”,”ya.. piye yen awakedhewe nyoba
neruske lelakone masku”,”ya..oke aku siap”.
Aku lan Anjani lagi golek wong kang
bisa dimanfaatke,”Rok,kae ana bocah lanang lagi lungguh dhewekan,coba Aku tak
akting nangis,lan kowe ngerti tugasmu”.
Ananging sakwetara sejam anggone
Anjani reka-reka nangis lan reka-reka tak tapuk,ra ana wong nyedhak marang
dhewekke.”Jani kayake carane awake dhewe wis basi,kowe duwe cara liya
ra?”,”santai...”.Dheweke banjur ngrayu priya sing ana ing kono.tak sawang saka
adoh dhewekke katon mesra anggone ngrayu priya mau,ananging aku anyel lan ora
trima yen wong sing tak tresnani cedhak cedhak priya liya.Banjur tak parani
priya mau,”he! Ngapa demek demek pacarku,bangsat!..”banjur tak ajar priya
mau,”Rok! Uwes Rok,kowe edan ya,Aku ki lagi nyoba golek dhuwit!”,”iya,tapi Aku
ora trima yen kowe cedhak cedhak priya!”
”he Aku golek dhuwit yo nggo kowe Rok,dinggo mangan bareng,dinggo urip
bareng,mbo kowe nyadhar ta!”.
Aku nyoba golek dhuwit sak etukke,lan
apa wae bakal tak lakoni supaya bisa nyenengke Anjani.Aku lan Anjani kepeksa
nglakoni tindak criminal,Aku lan Anjani bola-bali ngapusi uwong.”Arok kae ana
calon korban meneh,tak tunggu ning omah kosong kana,lima las menit kowe kudu
ning kana”,”iya,tapi aja kebablasen ya,Aku ga mau awakmu di demek-demek wong
liya”.
Anjani banjur ngrayu,lan ngajak priya
mau nglakoni hubungan intim ing omah kosong.banjur sakwetara lima las menit Aku
banjur marani Anjani lan priya lanang ing omah kosong mau,”woi!.. apa
iki!”banjur Anjani”iki mas Aku di pekso mase iki!”,”he!.. bajingan! tak laporke
warga kowe!..”,”kanthi gemeter priya mau”ampun mas,ampun dilaporke mas”,”yow
nek ngono uang tutup mulute ndi!”,”iki mas…”,”apa! Satus ewu! Wegah mendhing ta
laporke,kowe ben dikon telanjang mubeng kampung!”,”ampun..ampun mas,iki mang
jikuk kabeh”.

Sawijining dina,”Rok..dhuwite wis
entek,dina iki wis ra ono sing dinggo mangan”,Aku lan Anjani wis janji ora
bakal mangan saka dhuwit haram.”Jani Aku ta nyoba golek gaweyan dhisik
ya”.ananging meh sedina anggonku golek gaweyan ora ana sing gelem nampa.”Jani..
Aku wis nyoba golek gaweyan ing ngendi-endi nanging ra ono sing gelem nampa
Aku”,”piye ya Rok.. apa perlu awakkedhewe nglanggar janji,lan golek dhuwit saka
ngapusi..”.
Amarga ora ana dalan liya,Aku lan
Anjani banjur ngapusi uwong meneh,”Rok lima las menit kowe kudu wis ning kose
priya kae”,jan jane Akku wis ora kuat nyawang Anjani ngrayu-ngrayu
priya,ananging piye maneh merga ora duwe dalan liya.nalika lagi nunggu,tanpa
sengaja Aku kepethuk priya kang pernah dadi korbanku,dhewekke banjur nyeluk
kanca-kancane lan ngkroyok Aku,ananging tak lawan kabeh uwong mau,ngasi-ngasi
Aku lali yen kudu marani Anjani,wis luwih saka lima las menit Aku durung marani
Anjani,”Rok!.. Arok.. “Anjani mbengok bengok njaluk tulung.Awaku remuk diajar
wong-wong mau,lan Aku lagi kelingan marang Anjani,kanthi awak lara kabeh Aku
marani Anjani,bareng wis tekan tak sawang Anjani wis nglekar tanpa nyawa,merga
ana pisau kang temancep ing dadane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar