Oleh Noel Tri Darmasto
Jaka Tingkir
Sawijining dina Ki Ageng Tingkir
ngimpi, sajroning impene dheweke etuk wangsit supaya opek degan ijo saka wit
klapa kang ono ing sandhing omahe. Sajroning impene dheweke dijaluk supaya
banyu saka degan mau diombe ngasi entek. Amarga sapa sing bisa ngentekno banyu
degan mau kanthi dientekno pisan, ateges ora dibolan-baleni, keturunane bakal
dadi Raja utawa penguasa gedhe.
Sakwise tangi turu, Ki Ageng banjur
mbuktekkake apa bener sing dikandhakake sajroning impene sewengi iku
kasunyatan. Dheweke menyat saka dipan banjur mlayu niliki wit klapa ing
sandhing omahe. Dheweke kaget lan gumun, jalaran wit klapa sing samesthine
durung wayahe awoh dumadakan awoh degan ijo siji kang rumayan gedhe. Ki Ageng
bingung, degan ijo mau diopek apa ora. Jalaran dheweke durung bisa pracaya
marang impene. Dheweke duwe pamikiran menawa kadadeyan mau amung kabegjan.
Banjur suwening suwe anggone mikir, dheweke wedi menawa degan mau diopek wong
liya, jalaran degan mau saestu nengsemake, wohe gedhe banget ora kaya biasane.
Tanpa kedawa-dawa anggone mikir degan mau banjur diopek.
Ki Ageng gage-gage ngonceki degan ijo
mau, lan kepengin ngombe banyune. Ananging banjur wus dikepras ndhuwure dheweke
weruh banyune kang akeh banget. Kelingan saka impene kang kudu ngenteke banyu
mau kanthi sepisan ngombe dheweke rumangsa ora kuat, amarga nalika iku pancen
isih esuk lan durung ngrasakno ngelak. Degan mau banjur disimpen ing Pogo
ndhuwur pawon. Dheweke duwe pikiran bisa ngentekno banyu degan mau kanthi
sepisan ngombe, ananging sakwise dheweke nyambut gawe sedina. banjur mesti
krasa ngelak banget.
Nalika Ki Ageng Tingkir angon kebo ing
sawah, sedulure kang saka Pajang yaiku Ki Ageng Pengging mertamu ing omahe.
Nyai Ageng Tingkir kang nalika iku ing omah bingung anggone nyuguh tamune mau,
jalaran nalika iku durung nggodhok wedang kanggo disuguhake marang Ki Ageng
Pengging kang katon lungrah sakwise mlaku adoh saka daleme.
Tanpa nyana jebul Nyi Ageng Tingkir
weruh apa kang kang diayahi garwane mau esuk, dheweke weruh Ki Ageng Tingkir ngonceki
klapa. Banjur klapa mau disimpen ing pogo. Dheweke duwe penggalih menawa Ki
Ageng Tingkir wis ngerti yen Ki Ageng Pengging arep sowan neng daleme. Pramila
dheweke mikir yeng garwane sengaja nyepakake klapa mau kanggo disuguhake marang
Ki Ageng Pengging.
Jalaran ngelak banget sakwise mlaku
adoh banget, Ki Ageng Pengging ngunjuk banyu degan mau kanthipisanan ngombe uga
nganti entek tanpa sisa.
Nalika wayah sore Ki Ageng Tingkir
mulih saka angon kebo-kebone kanthi rasa ngelak banget. Sakwise tekan ngomah
dheweke banjur gage njupuk degan kang disimpen mau esuk. Ananging dheweke kaget
weruh degan sing disimpen mau esuk wis ana ing ndhuwur meja kanthi kosong tanpa
isi banyu. Dheweke banjur takon marang garwane. Nyi Ageng Tingkir njlentrehake
menawa degan mau wis disuguhake marang Ki Ageng Pengging, kang lagi wae mertamu
ing omahe. Jalaran durung suwe anggone Ki Ageng Pengging kondur, banjur Ki
Ageng Tingkir mlayu nyusul Ki Ageng Pengging kang lagi mlaku mulih.
Ki Ageng Tingkir bisa ketemu Ki Ageng
Pengging kang lagi mlaku mulih. Dheweke njlentrehake maranng Ki Ageng Pengging
menawa degan kang diunjuk mau ora mung angger degan, ananging degan kang dadi
wangsit kang dheweke etuk saka impene, dheweke uga njlentrehake menawa sapa
kang bisa ngombe banyu degan mau nganti entek kanthi diombe pisanan. Anak
turune bakal dadi panguasa. Marga saka iku Ki Ageng Tingkir pesen, menawa anak
turune Ki Ageng Pengging dadi panguasa, dheweke njaluk tulung supaya Ki Ageng
Pengging sak anak turune ora lali marang Ki Ageng Tingkir. Ki Ageng Pengging
Banjur pamit lan mbacutake mulih.
Sawijining dina Ki Ageng Pengging
nggelar wayang beber. Dheweke ngundang sedulur-sedulure yaiku Ki Ageng Tingkir,
Ki Ageng Butuh lan Ki Ageng Ngerang. Nalika wengi iku uga Nyi Ageng Pengging
kang lagi mbobot tuwa banjur nglaerake anak lanang kang bagus praupane.
Sakwise jabang bayi diresiki banjur
dipangku Ki Ageng Tingkir, dheweke kandha marang Ki Ageng Pengging menawa
sakwise gedhe anak iki bakal dadi dhuwur drajade. Saka Ki Ageng Tingkir anak
lanang mau diwenehi jeneng Mas Karebet, jalaran laire nalika ana pagelaran
wayang beber.
Ora suwe Ki Ageng Tingkir seda jalaran
lara. Sepuluh tahun sabanjure Ki Ageng Pengging diserang Sunan Kudus lan
pasukan demak, jalaran dituding mbrontak marang kasultanan Demak. Amarga serang
iku Ki Ageng Pengging seda. Sakwise peninggalane, garwane yaiku Nyi Ageng
Pengging gerah banjur seda uga. Wiwit iku Mas Karebet dijupuk lan di emong
dening Nyi Ageng Tingkir. Mas Karebet mundhak dadi nom-noman kang pinter lan
seneng mertapa. Jalaran didawuhi Ibu kuwalone dheweke banjur meguru marang Ki
Ageng Sela. Saka kana dheweke banjur dadi wong sekti mandraguna lan kondhang
kanthi jeneng Jaka Tingkir.
Nalika Ki Ageng Sela lagi mertapa,
dheweke etuk wangsit menawa Jaka Tingkir bakal dadi pemimpin ing kesultanan
Demak. Banjur dheweke dikongkon lunga menyang Kesultanan Demak lan ngabdi dadi
prajurit ing kana.
Sakdurunge mangkat nuju Kasultanan
Demak Jaka Tingkir pamit marang Ibune yaiku Nyi Ageng Tingkir. Dhweke matur
marang Ibune menawa dheweke didawuhi Ki Ageng Sela. Nyi Ageng Tingkir menehi
restu lelungan putrane mau menyang Demak. Panjenengane menehi weruh menawa ing
Demak duwe sedulur kang jenenge Ki Ganjur, dheweke ngongkon Jaka Tingkir supaya
sowan ing daleme panjenengane.
Jalaran pitulungan saka Ki Ganjur Jaka
Tingkir bisa ditampa lan ngabdi dadi perjurit ing Kasultanan Demak. Kanjeng
Sultan saestu gumun marang Jaka Tingkir, jalaran duwe praupan bagus lan sekti
kadidayane. Suwening-suwe Jaka Tingkir diangkat dadi pimpinan perjurit
Tamtamakang kondhang ing tlatah Demak. Kanjeng Sultan njaluk marang Jaka
Tingkir supaya ora gemblung lan pamer ananging supaya tansah setya lan manut
marang prentahing Sultan, uga wicaksana dadi pemimpin Perjurit Tamtama.
Sawijining dina Sultan Trenggana kepengin
nambah Perjurit Tamtama. Jaka Tingkir kang dadi pemimpin dikongkon supaya
nyeleksi lan nguji saben pemuda kang kepengin mlebu dadi perjurit Tamtama.
Nalika iku ana nom-noman saka Kedu Pingit kang jenenge Dadungawuk. Wong mau
tansah gemblung lan pamer kasektene. Dheweke menyang Demak duwe niat dadi
pemimpin perjurit Tamtama.
Nalikane ing ngarep Jaka Tingkir
Dadungawuk tansah gemblung, dheweke ora kepengin diseleksi kaya liyane,
ananging malah nantang lan njajal kasektene Jaka Tingkir. Amarga rumangsa
diece, Jaka Tingkir lara ati lan ora bisa nahan nesune, pramila Dadungawuk
dituncep nganggo sadak nganti pecah dadane banjur mati saknalika.
Kadadeyan iku dikandhakake marang
Sultan, menawa Jaka Tingkir mateni uwong kang kepengin mlebu perjurit Tamtama. Sultan
Trenggana banjur duka marang dheweke. Jaka Tingkir banjur dikon lunga saka
Demak. Saknalika iku uga Jaka Tingkir lunga Kasultanan Demak.
Jaka Tingkir banjur ngulandara ing
alas lan mlaku nganti gunung Kendheng. Ing kana dheweke ketemu Ki Ageng Butuh.
Ki Ageng durung ngerti menawa dheweke iku Jaka Tingkir utawa Mas Karebet anake
Ki Ageng Pengging. Nalika nulungi Jaka Tingkir dheweke banjur takon babagan
asale jalaran Jaka Tingkir duweni kemiripan karo sedulure kang wis seda yaiku
Ki Ageng Pengging. Jaka Tingkir banjur crita menawa dheweke anake Nyi Ageng
Tingkir. Saka kono Ki Ageng Butuh kaget lan yakin menawa Jaka mau Mas Karebet
anak saka sedulure yaiku Ki Ageng Pengging, kang saksuwene ditinggal seda wong
tuwane dheweke banjur diemong Nyi Ageng Tingkir kang ora liya bojo saka
sedulure yaiku Ki Ageng Tingkir.
Jaka Tingkir diopeni lan dicukupi
sakabehing kabutuhane dening Ki Ageng Butuh. Ki Ageng uga ngundang sedulure
yaiku Ki Ageng Ngerang kang ora suwe banjur tindak mrono. Sakwise dikandhani
menawa Jaka Tingkir iku anake Ki Ageng Pengging, Ki Ageng Ngerang banjur ngekep
lan nangis amarga ndhisik nalika arep tilik Jaka Tingkir ora kapethuk, jalaran
wis digawa Ibune menyang Tingkir.
Ki Ageng Butuh lan Ki Ageng Ngerang
wis akeh banget menehi wulangan marang Jaka Tingkir. Sakwise rampung angggone
meguru marang kekalihe, Jaka Tingkir banjur banjur pamit arep bali maneh ing
Kasultanan Demak, dheweke duwe pamikir jalaran wis rada suwe anggone lunga saka
Demak, Sultan mesti ngarep-arep dheweke.
Bareng wis tekan Demak, Jaka Tingkir
ketemu karo kanca-kancane ndhisik kang padha-padha prjurit Tamtama. Dheweke
takon apa Sultan Trenggana nakokake dheweke, ananging padha semaur yen Sultan
ora nakokake dheweke, malah babar pisan ora tau keprungu yen Jaka Tingkir ditakokake
dening Kasultanan Demak. Krungu pawarta iku Jaka Tingkir sedih banget atine.
Dheweke bajur pamit marang kanca-kancane mau banjur ngulandara maneh.
Nalika Jaka Tingkir mlaku anggone
ngulandara dheweke etuk wangsit supaya lung menyang banyu biru. Sakwise tekan
ing kana dheweke ketemu Ki Buyut Banyu Biru lan putra angkate yaiku Mas Manca.
Ing kana Jaka Tingkir dianggep anak dening Ki Buyut Banyu Biru. Banjur
disedulurake karo Mas Manca.
Sakwise ganep nem sasi anggone Jaka
Tingkir lan Mas Manca meguru marang Ki Buyut Banyu Biru, loro karone banjur
didawuhi supaya bali maneh marang Kasultanan Demak kanggo ngeruhake awak marang
Sultan. Ki Buyut uga maring pinuntun marang Jaka Tingkir, jalaran nalika iku
lagi wayah udan Ki Buyut weruh menawa Sultan mesti ing istana Prawata.
Sakliyane dawuhi supaya rana, Ki Buyut menehi syarat kang bisa nggawe Jaka
Tingkir ditanggepi dening Kanjeng Sultan Trenggana. Ki Buyut Banyu Biru menehi
Jaka Tingkir sekepel lemah Siti Sangar, kang sakwise tekan kono supaya dilebokake
ing cangkem Kebo Danu, kang bakale kebo mau ngamuk lan ngobrak-abrik Istana
Prawata.
Ki Buyut uga ngandhani menawa ora ono
wong siji-sijia kang bisa mateni kebo mau. Iku kang dadi sebab bakale Sultan
Demak nyeluk Jaka Tingkir supaya maten Kebo mau. Amarga mung dheweke kang
ngerteni kelemahane Kebo Danu iku, yaiku kanthi ngetokake dhisik lemah Siti
Sangar saka ndjero cangkeme, banjur Kebo Danu lagi bisa dipateni.
Nalikane arep mangkat menyang Demak,
Ki Buyut Banyu Biru dawuh marang Mas Manca uga ponakane yaiku Ki Wuragil lan Ki
Wila supaya ngancani Jaka Tingkir anggone mlaku menyang Kesultanan Demak. Ki
Buyut dawuh supaya katelune mau aja ngasi pisah karo dheweke, jalaran telung
uwong mau kang bakal menehi pitulung marang Jaka Tingkir dadi panguasa.
Esuke Ki Buyut lan muride padha gawe
gethek kanggo Jaka Tingkir lan sedulure kabeh mau. Gethek iku mau kang bakal
ditunggangi Jaka Tingkir lan rombongan menyang Demak. Sakwise kabeh wis siap
Jaka Tingkir lan rombongane nunggang
gethek ngetutake ilining kali Dhengkeng kang pinuju marang tlatah Demak.Nalika
mangkate rombongan iku jebul ana mata-mata saka rombongan grayak kang kuat lan
kondhang diwedeni dening uwong-uwong. Mata-mata mau banjur ngandhani grombolane
menawa Jaka Tingkir lan rombongane arep ngliwati kali Dhengkeng kanggo nuju ing
Demak.
Nalika wayah sore Jaka Tingkir lan
rombongane ngliwati kedung Srengenge. Ing kono rombongan mau diadang dening
grombolan grayak kang sinebut Baya, jalaran dianggep bebaya dening sakabehing
uwong kang liwat ing kedung srengenge.
Raja saka Baya mau jenenge Bau Reksa
lan patihe Jalu Mampang. Grombolan mau banjur nyerang Jaka Tingkir lan
rombongane saengga kadadeyan perang gedhe banget ing kedung kono mau. Nalika
perang iku Jaka Tingkir kena sabetan clurit saka Jalu Mampang kang gawe dadhane
suwek lan tatu. Ananging Jaka Tingkir
tetep nglawan kanthi bringas saengga Jalu Mampang lan punggawane mati ing
tangane Jaka Tingkir. Dene Bau Reksa lan sisa punggawane tunduk ing ngarepe Mas
Manca. Bau Reksa lan pungawane banjur diprentah dening Jaka Tingkir supaya
nyurung gethek kang ditunggangi dheweke lan rombongan nganti tekan Demak.
Sakwise tekan Istana Prawata, Jaka
Tingkir weruh Sultan kang isih lenggah ing sajroning istana. Tanpa mikir
suwe-suwe dheweke golek Kebo Danu ing sakiwa tengene istana kono. Ora butuh
wektu suwe dheweke etuk kebo iku, banjur dilebokake lemah siti sangar ing jero
cangkem kebo mau. Kebo Danu banjur ngamuk lan ngosak-asik penggrahan Prawata.
Akeh uwong kang tatu malah ana uga kang ngasi mati jalaran jalaran disruduk
kebo Danu mau.
Mireng para korban amukan Kebo Danu
tansaya akeh, Sultan dawuh marang
prajurit Tamtama supaya mateni kebo iku. Kebo Danu banjur dikeroyok lan
dituncep sawerananig gaman ananging ora mempan. Amukan kebo iku wis ngasi
telung dina telung wengi ananging durung ana uwong siji ae kang bisa mateni
kebo iku.
Saben dina Sultan Trenggana amung ing
ndhuwur panggung pasanggrahan karo nyawang Kebo Danu ngamuk mrana-mrene tanpa
ana uwong kang ngadhepi. Sultan amung bisa pasrah lan ngarep Kebo Danu bakal
lunga dhewe saka pesanggrahan Prawata.
Nalika iku Jaka Tingkir mlaku ngliwati
ngarep panggung kang dadi pasanggrahane Sultan Trenggana. Dheweke mlaku kanthi
nglenggana kaya-kaya ora perduli marang kahanan nalika iku. Sultan kang pirsa
Jaka Tingkir lan Rombongan banjur dawuh marang abdine supaya nemoni Jaka
Tingkir lan jaluk pitulungane supaya mateni Kebo Danu. Sarujuk marang dawuhe
Sultan menawa bisa mateni Kebo Danu dheweke bakal dingapurani kesalahane banjur ditampa maneh ing Kasultanan Demak.
Jaka Tingkir saguh marang dawuhe
Sultan. Dheweke banjur jaluk tulung marang perjurit ing kono supaya ngepung
ngubengi Kebo Danu. Mas Manca, Ki Wuragil lan Ki Wila uga ngewangi ngepung kebo
mau. Perang kang hebat kadadeyan nalika gelute Jaka Tingkir lan Kebo Danu.
Sultan kang mirsani perang iku banjur dawuh marang perjurit supaya nabuh gong
Monggah kanggo menehi semangat marang Jaka Tingkir.
Perang tandhing antarane Jaka Tingkir
lan Kebo Danu lumaku suwe banget, uwong-uwong kang padha ndelok nalika iku
tansah keweden. Jaka Tingkir kang bola-bali tiba lan diuncalake ing ndhuwur
banjur ditampa nganggo sungu ananging
tetep kato trengginas sanajan awake kebak tatu. Saka Jaka Tingkir sungu lan
buntute Kebo Danu dicekel banjur dibanting ing lemah, lemah siti sangar banjur
metu saka cangkeme Kebo Danu. Sakwise iku Kebo Danu banjur ditempeleng sirahe
nganti remuklan mati saknalika, lan gawe bungahing uwong-uwong ing kono.
Kanthi pasarujukan ing ngarep Sultan
Trenggana banjur menehi kanugrahan marang Jaka Tingkir. Dheweke banjur diangkat
maneh dadi pemimpin Perjurit Tamtama ing kasultanan Demak.
Jaka Tingkir ngurmati banget marang
Sultan. Dheweke manut lan patuh marang apa wae kang dadi dawuhe Sultan. Sakwise
seperangan taun ngabdi dadi perjurit Tamtama, Jaka Tingkir bisa gawe kasultanan
Demak tansah ayem tentrem. Pramila Sultan Trenggana banjur ngangkat Jaka
Tingkir dadi Bupati Pajang kanthi gelar Adipati Hadiwijaya. Dheweke uga
dinikahake karo Ratu Mas Cempaka yaiku putri Sultan Trenggana.
Ing pamarintahane Hadiwijaya kabupaten
Pajang tansah jaya lan makmur sajroning wektu kang ora suwe. Merga saka iku
akeh kasultanan liya kang tunduk marang kerajaan Pajang.
Sakwise Sultan Trenggana seda, putrane
kang duwe gelar Sunan Prawoto banjur diangkat dadi raja ing kasultanan Demak.
Nanging sajroning wektu kang ora suwe panjenengane seda jalaran dipateni Arya
Panangsang yaiku ponakane ing Jipang Panolan. Arya Panangsang uga mateni
Pangeran Kalinyamat yaiku mantune Sultan Trenggana ingkang dadi bupati ing
Jepara.
Arya
Penangsang banjur ngutus perjurite kanggo mateni Hadiwijaya ing Pajang,
ananging gagal. Hadiwijaya malah nyuguh pejurit Arya Panangsang mau kanthi
sesuguhan kang akeh banget. Uga menehi hadiah kanggo ngisin-isin Arya
Panangsang. Sak peninggalane garwane Ratu Kalinyamat dhawuh marang Hadiwijaya
supaya ndang gage mateni Arya Panangsang, jalaran amung dheweke kang setara
kasektene karo Adipati Jipang iku. Hadiwijaya ora gelem perang tandhing
adep-adepan karo Arya Pangsang jalaran isih padha-padha sedulur ing Demak.
Hadiwijaya banjur nganakake sayembara yaiku sapa sing bisa mateni Arya
Panangsang bakal diwenehi tanah pati lan mataram.
Sayembara
iku dieloni dening putune Ki Ageng Sela yaiku Ki Ageng Pamanahan lan Ki Ageng
Panjawi. Sajroning perang iku Ki Juru Martani yaiku kang kakange Ki Ageng
Pamanahan bisa mateni Arya Panangsang ing sapinggiring Bengawan sore.
Sakwise
prastawa iku Ratu Kalinyamat banjur menehake tahta Demak marang Hadiwijaya.
Pusat kasultanan banjur dipindah ing Pajang kanthi Hadiwijaya kang dadi sultan
sepisanan.
Sultan
Hadiwijaya uga ngangkat sedulur-sedulur seperjuangane ing sajroning
pamarentahan. Mas Manca didadekake patih kanthi gelar Patih Mancanegara, dene
Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake mentri kanthi pangkat gelar ngabehi. Manut
pasarujukan ing sayembara, Ki Panjawi etuk tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng
Pati. Dene Ki Ageng Pamanahan isih nunggu, jalaran Hadiwijaya kaya-kaya isih
nggondheli tanah mataram.
Taun
ganti taun janjining hadiah tanah mataram maraing Ki Ageng Pamanahan kaliwatan.
Dene Ki Ageng Pamanahan ora wani anggone nagih. Sunan Kalijaga kang dadi
guruning kekalihe banjur tampil dadi panengah. Jebul alesan Hadiwijaya ora
ndang gage menehake tanah mataram marang Ki Ageng Pamanahan jalaran dheweki
wedi krungu ramalaning Sunan Praapen menawa ing mataram bakal laer Kasultanan
gedhe kang bakal ngalahake Kasultanan Pajang.
Sunan
Kalijaga dhawuh marang Hadiwijaya supaya ndang gage menehake tanah mataram.
Dene kosok balene Ki Ageng Pamanahan diwajibake sumpah setya marang kasultanan
Pajang. Ki Ageng Pamanahan tansah sendika dhawuh, banjur Hadiwijaya menehake
tanah mataram kasebut marang Kakange iku.
Tanah
mataram kang nalika iku isih katutup alas mentaok banjur dibuka dening Ki Ageng
Pamanahan lan Ki Juru Martani. Akhire Ki Ageng Pamanahan duweni gelar Ki Ageng
Mataram, dhewekebanjur diwajibake kanthi ajeg ngadep marang kesultanan Demak
menawa bukti kasetyan.
Sunan
Prapen kang ketemu Ki Ageng Pamanahan banjur ngandhani menawa kasultanan Pajang
bakal dikalahke Mataram dening keturunan panjenengane.
Sutawijaya
yaiku putrane Ki Ageng Pamanahan kang uga dadi anak angkate Sultan Hadiwijaya.
Sakwise Ki Ageng Pamanahan seda Sutawijaya banjur dadi panguasa anyar ing
mataram.
Wis
luwih saka setaun Sutawijaya ora ngadhep marang Kasultanan Pajang. Hadiwijaya
banjur dawuh marang Ki Wila lan Ki Wuragil supaya nakokake kasetyaning mataram.
Kekalihe mau banjur nemoni Sutawijaya ing Mfataram, ananging anggone nampa
kekelihe mertamu mau Sutawijaya katon tanpa tata krama, malah sajak mbrontak
marang Kasultanan Pajang.
Hadiwijaya
banjur nampa laporane Ki Wila lan Ki Wuragil babagan Sutawijaya kang katon
mbrontak lan ora mbelnjani janji kasetyan marang Hadiwijaya. Mireng menawa
Kasultanan Mataram tansaya gedhe, dheweke banjur dawuh maneh kanggo nakokake
kasetyaning Sutawijaya. Nalika iku kang diutus yaiku Pangeran Benawa, Arya
Pamalad lan Patih Mancanegara.
Sakwise
kundur saka Mataram Arya Pamalad nglaporake sakabehing tumindak ala Sutawijaya
marang Hadiwijaya. Sawijining dina ponakane Sutawijaya kang jenenge Raden
Pabelan, diukum mati jalaran nyusup ing dalem keputrian nemoni Ratu Sekar
Kedaton kang ora liya putri ragil Hadiwijaya. Bapake Raden Pabelan yaiku
Tumenggung Mayang diukum guwak, jalaran ngewang-ewangi putrane mau. IbuRaden
Pabelan minangka adhine Sutawijaya banjur njaluk tulung marang Mataram.
Sutawijaya banjur dhawuh marang perjurite supaya ngkrebutTumenggung Mayang
nalika arep diguwak ing Semarang. Merga saka tumindake Sutawijya kang kaya
mankono iku Hadiwijya banjur nyerang Kasultanan Mataram. Ananging pasukan
Pajang kang luwih akeh ngalami kekalahan, jalaran nalika iku Gunung Merapi
ngetokake lahar kang banjur nerjang pasukane kang lagi perang ing wilayah
Gunung iku. Hadiwijaya banjur bisa dikalahake dening Sutawijaya, Hadiwijaya
alias Jaka Tingkir akhire seda, Panjenengane banjur disarekake ing desa Butuh,
yaiku dusun Ibu asline.
Fungsi Pelaku
1.
Seorang
daripada ahli keluarga pergi meninggalkan rumah.
Sebelum
berangkat menuju Kesultanan Demak Jaka Tingkir berpamitan kepada Ibunya Nyai
Ageng Tingkir. Ia bercerita kepada Ibunya kalau Ki Ageng Sela yang
memerintahkanya. Nyai Ageng Tingkir merestui kepergian putra angkatnya tersebut
ke Demak.
2.
Satu
larangan diucapkan kepada wira.
Lama-kelamaan
Jaka Tingkir diangkat menjadi pimpinan prajurit Tamtama yang sangat terkenal
diseluruh Demak. Sultan Demak meminta Jaka Tingkir supaya tidak memegahkan diri
namun senantiasa patuh kepada perintah Sultan, serta bijaksana didalam tanggung
jawabnya sebagai pemimpin Prajurit Tamtama.
3.
Larangan
dilanggar.
Ketika
dihadapan Jaka Tingkir Dadung Awuk sangat sombong, Ia tidak ingin diseleksi
seperti yang lain, namun malah ingin menjajal kesaktian dari Jaka Tingkir.
Karena merasa diremehkan, Oleh Jaka Tingkir Ia ditusuk dengan Sadak. Hingga
dadanya pecah lalu tewas. Pada saat itu kematian Dadung Awuk dilaporkan kepada
Sultan.
4.
Penjarah
membuat percobaan untuk meninjau
Rupanya saat
itu ada anak buah dari Ki Buyut yang menjadi mata-mata gerombolan perampok yang
sangat kuat dan ditakuti orang-orang di Banyu Biru.
5.
Penjarah
menerima maklumat tentang mangsanya
Mata-mata
tersebut kemudian memberi tahu kapada gerombolanya kalau rombongan Jaka Tingkir
akan melewati sungai Dengkeng untuk menuju ke Demak.
6.
Penjarah
mencoba memperdaya mangsanya dengan tujuan untuk memilikinya atau memiliki
kepunyaanya.
Sore hari saat melewati Kedung Srengenge
mereka dihadang oleh segerombolan penjahat yang dijuluki Baya karena dianggap
Bebaya atau bahaya bagi orang-orang yang melewati Kedung Srengenge. Raja dari
Baya tersebut bernama Bau Reksa dan patihnya Jalu Mampang. Grombolan Baya
tersebut menyerang rombongan Jaka Tingkir sehingga terjadi perang yang sangat
dahsyat dikedung tersebut. Jalu Mampang dan anak buahnya akhirnya tewas
ditangan Mas Manca. Sedangkan Bau Reksa takluk dan tunduk dihadapan Jaka
Tingkir.
7.
Wira
meninggalkan rumah
Pagi hari Ki
Buyut Banyu Biru dan murid-muridnya kemudian membuatkan rakit untuk Jaka
Tingkir dan saudara-saudaranya. Setelah semuanya siap lalu Jaka Tingkir dan
rombongannya berangkat menaiki rakit mengikuti aliran sungai Dengkeng menuju
Demak.
8.
Wira
diuji, disoal, diserang yang menyediakan wira kearah penerimaan sama ada
seseuatu alat magis atau pembantu.
Sore hari saat
melewati Kedung Srengenge mereka dihadang oleh segerombolan penjahat yang
dijuluki Baya karena dianggap Bebaya atau bahaya bagi orang-orang yang melewati
Kedung Srengenge.
9.
Wira
memperoleh agen sakti
Ki Buyut Banyu
Biru memberikan Jaka Tingkir segenggam tanah Siti Sangar, yang sesampainya
disana supaya Ia masukan ke dalam mulut Kebo Danu, yang nantinya kerbau
tersebut akan mengamuk dan memporak porandakan Istana Prawata.
10.
Wira
dipindahkan, disampaikan atau dipandu ke tempat-tempat terdapatnya objek yang
dicari.
Ki Buyut
memberikan tuntunan kepada Jaka Tingkir, karena saat itu sedang musim penghujan
Ki Buyut mengetahui kalau Sultan pasti berada di Istana Gunung Prawata.
11.
Wira
dan penjarah terlibat dalam pertarungan
Sore hari saat
melewati Kedung Srengenge mereka dihadang oleh segerombolan penjahat yang
dijuluki Baya karena dianggap Bebaya atau bahaya bagi orang-orang yang melewati
Kedung Srengenge.Raja dari Baya tersebut bernama Bau Reksa dan patihnya Jalu
Mampang. Grombolan Baya tersebut menyerang rombongan Jaka Tingkir sehingga
terjadi perang yang sangat dahsyat dikedung tersebut.
12.
Penjarah
ditewaskan
Jalu Mampang dan
anak buahnya akhirnya tewas ditangan Mas Manca. Sedangkan Bau Reksa takluk dan
tunduk dihadapan Jaka Tingkir.
13.
Seorang
ahli keluarga sama ada kekurangan atau ingin memiliki sesuatu.
Karena merasa
diremehkan, Jaka Tingkir sakit hati dan tidak bisa menahan emosinya sehingga
Oleh Jaka Tingkir Dadungawuk ditusuk dengan Sadak. Hingga dadanya pecah lalu
tewas.
14.
Penjarah
menyebabkan kesusahan atau kecederaan kepada seorang ahli didalam sebuah
keluarga.
Dalam pertarungan
tersebut Jaka Tingkir terkena sabetan clurit Jalu Mampang yang membuat dadanya
sobek. Namun Jaka Tingkir tetap melawan dengan beringas sehingga pada akhirnya
Jalu Mampang dan anak buahnya tewas ditangan Jaka Tingkir.
15.
Kecelakaan
atau kekurangan dimaklumkan, Wira diminta atau diperintah, Ia dibenarkan pergi
atau Ia diutuskan.
Setelah genap
enam bulan Jaka Tingkir dan Mas Manca berguru dan mendapatkan pengajaran dari
Ki Buyut Banyu Biru, Ki Buyut memerintahkan supaya Ia segera kembali ke Demak
untuk menunjukan diri kepada Sultan.
16.
Pencari
bersetuju atau memutuskan untuk bertindak balas.
Sesampainya di
Istana Prawata, Jaka Tingkir melihat Sultan masih singgah didalam istana. Tanpa
berpikir panjang Ia mencari Kebo Danu disekitar Istana Prawata. Tidak butuh
waktu yang lama Jaka Tingkir mendapatkan Kebo Danu dan langsung memasukan Tanah
Siti Sangar kedalam mulutnya. Kerbau itupun mengamuk dan memporakporandakan
Pesanggrahan Prawata. Banyak orang-orang yang luka dan tewas akibat keganasan
Kerbau itu.
17.
Wira
bertindak balas kepada tindakan-tindakan bakal pemberi.
Bau Reksa dan
sisa anak buahnya akhirnya diperintahkan Jaka Tingkir untuk membantu mendorong
rakit Jaka Tingkir dan rombongan sampai di Demak.
18.
Wira
ditandai
Dalam pertarungan
tersebut Jaka Tingkir terkena sabetan clurit Jalu Mampang yang membuat dadanya
sobek dan membekas sebuah sayatan.
19.
Wira
pulang
Sesuai dengan
janjinya Sultan Demak menganugrahi Jaka Tingkir dengan mengembalikan
kedudukanya seperti dahulu yaitu sebagai pemimpin prajurit Tamtama Kerajaan
Demak.
20.
Kecelakaan
atau kekurangan awal diatasi
Jaka Tingkir yang
berulang-ulang jatuh dan dilempar keatas kemudian diterima dengan tanduk namun
tetap terlihat trengginas meskipun badanya penuh luka. Kemudian oleh Jaka
Tingkir tanduk serta ekor dari Kebo Danu ditangkap, lalu dihentak. Tanah Siti
Sangarpun keluar dari mulutnya, kemudian Kebo Danu ditmpeleng hingga remuk
kepalanya sehingga tewas seketika.
21.
Wira
berkawin dan menaiki tahta.
Oleh Sultan
Trenggana, Jaka Tingkir akhirnya diangkat menjadi Bupati Pajang bergelar
Adipati Adiwijaya. Ia juga dinikahkan dengan Ratu Mas Cempaka, yaitu Putri
Sultan Trenggana.
22.
Wira
dikejar.
Adiwijaya menarik
pasukannya mundur. Dalam perjalanan pulang, ia singgah ke makam Sunan Tembayat
namun tidak mampu membuka pintu gerbangnya. Hal itu dianggapnya sebagai firasat
kalau ajalnya segera tiba. Adiwijaya melanjutkan perjalanan pulang. Di tengah
jalan ia jatuh dari punggung gajah tunggangannya, sehingga harus diusung dengan
tandu. Sesampai di Pajang, datang anak buah Sutawijaya bernama Ki Juru Taman
memukul dada Adiwijaya, membuat sakitnya bertambah parah.
23.
Tugas
Diselesaikan
Sesuai dengan
janjinya Sultan Demak menganugrahi Jaka Tingkir dengan mengembalikan
kedudukanya seperti dahulu yaitu sebagai pemimpin prajurit Tamtama Kerajaan
Demak.
Motif Cerita
1. Peperangan
a. Ketika dihadapan Jaka Tingkir Dadung Awuk
sangat sombong, Ia tidak ingin diseleksi seperti yang lain, namun malah ingin
menjajal kesaktian dari Jaka Tingkir. Karena merasa diremehkan, Jaka Tingkir
sakit hati dan tidak bisa menahan emosinya sehingga Oleh Jaka Tingkir Ia
ditusuk dengan Sadak. Hingga dadanya pecah lalu tewas.
b. Sore
hari saat melewati Kedung Srengenge mereka dihadang oleh segerombolan penjahat
yang dijuluki Baya karena dianggap Bebaya atau bahaya bagi orang-orang yang
melewati Kedung Srengenge.
Raja dari Baya tersebut bernama Bau Reksa dan patihnya Jalu Mampang.
Grombolan Baya tersebut menyerang rombongan Jaka Tingkir sehingga terjadi
perang yang sangat dahsyat dikedung tersebut. Dalam pertarungan tersebut Jaka
Tingkir terkena sabetan clurit Jalu Mampang yang membuat dadanya sobek dan
membekas sebuah sayatan. Namun Jaka Tingkir tetap melawan dengan bringas
sehingga pada akhirnya Jalu Mampang dan anak buahnya tewas ditangan Jaka
Tingkir. Sedangkan Bau Reksa takluk dan tunduk dihadapan Mas Manca. Bau Reksa
dan sisa anak buahnya akhirnya diperintahkan Jaka Tingkir untuk membantu
mendorong rakit Jaka Tingkir dan rombongan sampai di Demak.
c. Perkelahian
antara Jaka Tingkir dan Kebo Danu berlangsung cukup lama, orang-orang yang
menyaksikan saat itu keheran-heranan. Jaka Tingkir yang berulang-ulang jatuh
dan dilempar keatas kemudian diterima dengan tanduk namun tetap terlihat
trengginas meskipun badanya penuh luka. Kemudian oleh Jaka Tingkir tanduk serta
ekor dari Kebo Danu ditangkap, lalu dihentak. Tanah Siti Sangarpun keluar dari
mulutnya, kemudian Kebo Danu ditmpeleng hingga remuk kepalanya sehingga tewas
seketika, membuat kagum serta gembira
Sang Sultan dan orang-orang yang pada saat itu menyasikanya.
d. Ibu Raden Pabelan yang merupakan adik perempuan
Sutawijaya meminta bantuan ke Mataram. Sutawijaya pun mengirim utusan untuk merebut
Tumenggung Mayang dalam perjalanan pembuangannya ke Semarang. Perbuatan
Sutawijaya itu menjadi alasan Sultan Adiwijaya untuk menyerang Mataram. Perang
antara kedua pihak pun meletus. Pasukan Pajang bermarkas di Prambanan dengan
jumlah lebih banyak, namun menderita kekalahan. Adiwijaya semakin tergoncang
mendengar Gunung Merapi tiba-tiba meletus dan laharnya ikut menerjang pasukan
Pajang yang berperang dekat gunung tersebut.
Adiwijaya
menarik pasukannya mundur. Dalam perjalanan pulang, ia singgah ke makam Sunan
Tembayat namun tidak mampu membuka pintu gerbangnya. Hal itu dianggapnya
sebagai firasat kalau ajalnya segera tiba. Adiwijaya melanjutkan perjalanan
pulang. Di tengah jalan ia jatuh dari punggung gajah tunggangannya, sehingga
harus diusung dengan tandu. Sesampai di Pajang, datang anak buah Sutawijaya
bernama Ki Juru Taman memukul dada Adiwijaya, membuat sakitnya bertambah parah.
2. Pengembaraan
a. Jaka Tingkir lalu mengembara ke hutan dan
berjalan hingga Gunung Kendeng. Disitu Ia bertemu dengan Ki Ageng Butuh. Ki
Ageng belum mengetahui kalau Ia Jaka Tingkir atau Mas Karebet putra kandung
dari saudaranya Ki Ageng Pengging. Setelah Ki Ageng menolong Jaka Tingkir yang
sangat kelelahan. Ia bertanya kepada Jaka Tingkir mengenai asal-usulnya karena
Ia melihat Jaka Tingkir mempunyai kemiripan dengan saudaranya yang telah
meninggal yaitu Ki Ageng Pengging. Jaka Tingkir menceritakan kalau Ia adalah
anak dari Nyai Ageng Tingkir. Dari situ Ki Ageng kaget dan yakin kalau Jaka
Tingkir adalah Mas Karebet anak dari saudaranya yang bernama Ki Ageng Pengging.
yang sepeninggal kedua orang tuanya Ia diasuh oleh Nyai Ageng Tingkir yang
tidak lain adalah Istri dari saudaranya yang bernama Ki Ageng Tingkir.
b. Setibanya di Demak Jaka Tingkir bertemu dengan
teman sesama Prajurit Tamtama dahulu, Ia menanyakan apakah Sultan mencari atau
menanyakan dirinya. Namun jawab para Tamtama, bahwa Sultan belum pernah
menanyakan dirinya. Mendengar itu Jaka Tingkir sangat sedih hatinya. Lalu pamit
kepada teman-temanya berniat untuk mengembara lagi. Didalam perjalananya Jaka
Tingkir mendapat wangsit supaya pergi ke Banyu biru. Setibanya disana Ia
bertemu dengan Ki Buyut Banyu Biru dan putra angkatnya yang bernama Mas Manca.
Disana Jaka Tingkir diangkat menjadi putra oleh Ki Buyut. Kemudian bersaudara
dengan Mas Manca.
3. Percintaan
Setelah beberapa tahun mengabdi
sebagai pemimpin prajurit Tamtama, Jaka Tingkir dapat merubah kerajaan Demak
menjadi lebih aman dan tentram sehingga membuat pikiran Sultan tenang dan
nyaman. Hal itu rupanya menarik simpati Sultan terhadapnya. Oleh Sultan
Trenggana, Jaka Tingkir akhirnya diangkat menjadi Bupati Pajang bergelar
Adipati Adiwijaya. Ia juga dinikahkan dengan Ratu Mas Cempaka, yaitu Putri
Sultan Trenggana.
DAFTAR PUSTAKA
- Narasumber, Bp. Tri Joko. Guru Bahasa Jawa SMA Negeri 1 Cepogo Boyolali
- Morfologi Cerita Rakyat. Dewan Bahasa dan Pustaka. Kementrian Pendidikan Malaysia. Kuala Lumpur 1987
terima kasih, sangat bermanfaat
BalasHapusIjin copas, terimakasih
BalasHapusSangat bermanfaat mengingatkan kembali cerita dengan jelas, karena waktu pertama mendengar, saat itu masih kanak-kanak yang selalu di sampaikan saat menjelang tidur malam
BalasHapustengkiu
Good . . . . ! Mengingatkan kembali dengan jelas
BalasHapus