Kangen
Wengiku sepi
Among lintang rembulan sing ngancani
Kelingan manis esemu
Tansah gawe sedih atiku
Kepengin aku ketemu
Sanajan ing impenmu
Cah ayu sing dak tresnani
Kowe janji bakal bali
Asmara Tresna
Saka ngendi dak pungkaasi
Yen mung sliramu sing dak tresnani
Aku janji dak jaga ngasi mati
Tresnaku lan tresnamu kang suci
Kepengin rasa iki langgeng
Sanajan ing mangsa rendheng
Angina pangupa jiwa
Titip tresna marang dheweke ing kana
Langgeng
Mung bisa nyuwun marang Gusti
Supaya ati iki terus nyawiji
Kembang atiku aja ngasi layu
Merga tresnamu nyawaku
Ora angger janji
Tresnaku bakal kabukti
Merga among karo sliramu aku bungah
Merga sliramu uripku endah
Aja Blang Blung
Goleka pangan
Ora kudu sega beras
Sega jagung,gogek, trigu
Tempe, tahu, gereh
Godhong pohong, godhong kates
Regane murah penah gisi
Tur maedahi
Aja blang blung
Saben wong tau lara watuk
Tanggaku akeh padha nandhang watuk
Masuk angina ….
Kakehan gawean, kabotan pikir.
Beda karo gerahe mbah Petruk
Swarane ngageti
Idune ngganas nyapu jagad
o….. sing jaga gunung Merapi
Mangani tikus, biyen
Saiki ora gelem ngambus
Rukun
Turu nglipus,
Dadi sedulur, ora kolur
Pari gaga disebar ana blubukan
Sapi loro ngubengi tegal
Gaaru luku padha mlaku
Bledug mabul nindhi wiji pari.
Seminggu,
Sepuluh dina,
Selapan, kapan tibane udan
Tanba teka lara lunga
Tangan kisut teles kebak lumut
Brambang dibakar, lenga klentik
Umat-umet lambe obah
Tlusuran
Pucuk rambut, kuku sikil
Sida bablas ntrabas alas
Neraka, apa swarga
Gedhe cilik padha nangis
Kae lo kaya payung,
Ngawe-awe nyeluk kowe
Lenga goring anyar,
Uyah, sarm, brambang baawang
Mrica pala pada teka
Dadi kancane sega
Dhuwit atusan ewu palsu,
Eketan ewu palsu
Rong puluhan ewu palsu
Tangan palsu, sikilpalsu, irung palsu
Rambut palsu, idep palsu, alis ya
palsu,
Ijazah palsu, title palsu
Aja-aja bojo ya palsu
Mlakune lunjak-lunjak
Ora seneng duwe anak
Karepe arep mangan enak
Turu njaluk kepenak
Omong dhewe turut dalan
Ngguyu latah nglinasemi
Nyandhang pating srempal
Ya sepatu ya srandhal.
Ora mbayar yen jajan
Rambut gibal ora dinalar
Gelang wesi ora lali
Amangan anak jare khalal
Wayah wengi wis
nekani
Gamelan wiwit muni
Pesindhen wis
padha antri
Suguhane mbanyu mili
Sing nonton padha surak
Sing disenengi mung lawak
Ugal-ugalan dadi watak
Mandheg dalan marga nuntak.
Aku isih kaya ndhisik
Isih dak tunggu sliramu
Ngasi pungaksan uripku
Tresnaku ora bakal layu
Lilakna awakku nrisnani sliramu
Sanmmajan aku dudu apa-apa
Rasa iki bakal langgeng
Kanggo sliramu caah ayu
Kelingan dak handheng tanganmu
Dak kekepawakmu
Dak ambung pipimu
Ing pinggir pantaisore iku
Ananging apa isih eling
Rasa iki uwis tau didak
Mbok tinggal awakku kanggo dheweke
Bareng saiki kowe bali
Isih tatu ati iki
Ananging tetepdk tanpa
Jalaran mung sliramu tresna sejati.
Sawangen …
Kae semut cilik
Nyambut gawe iklik
Mangane mung trima sithik
Ora tau rebutan
Nyambut gawe kaya dolan
Ora wigih karo macan
Rukun ana ngomah ana ndalan
Swaramu tak rungu cetha
Sanadyan wis
ora anak
Tetep dadi dhanyang Negara
Sabangsa tansa padha setya
Kayu padha mlayu kayabanyu
Areng ireng mentheleng
Lenga patra padha lunga
Gas teka ngambra-ambra
Ora ngeleng bebaya
Bapa biyung padha suka
Ora eling bebaya teka.
Anane mung kari pitik
Malih dadi dhuwit mung cilik
Olehe mung beras sethithik
Gula sa themplik
Ngomah ngenteni
Bocah-bocahe pada nganti-anti
Bapake wisethik geni
Mbok wedok suwe orang bali
Tak tangekake
Tak dulangake bubur pathi ora legi
Tak unjuki banyu putih saka kyai
Tak tunggoni
Tak kemuli jarik bathik siji
Tak bantali tumpuk
Tak lipur anak putune
Tak rasakke jebul ngono nandur pari
jero.
Watu dibathik larik-larik jeejer loro
Tak rangkol, tak arasi karo nangis
Suket sing ngancani tak buwnagi
Godhong-godhong pring garing tak tumpok
Atiku remuk ajor dadi bubor
Unjal ambnegan karo nggresah
Jembara kubure, padhanga dalane, tekano papane
Kenthongan, loncengpadha methengkreng
Telepon, radiopadha ora kanggo
Televise dadi sepi
Dluwang suruhan ora mabur
Kabeh padha sangu hand pon
Barang cilik.
Kanggo srawung ya ala ya becik
O … Hand Pon.
Entenana le′!
Negara bisa subur tentrem ayem
Ana kreta metu ndhuwur
O… lae – lae kapan?
Jaran, sapi ora duwe swiwi
Wong-wong kabotan bokong
Banyak pitik manuk mung thethengok
Kreta ora duwe nyawa.
Wis ora tau keprungu
Yowis ora mlaku ora payu
Ling atus tahun kepungkur
Uripepadhaho lopis kuntul baris
Kon – theng jare rukon entheng
Omah gedheg pring sedina dadi
Nandur jagung pari direwangi
Dalan resek …ho lo pis kuntul baris
Gotong royong.
Sambatmu melasarsa,
Wetengmu oraa isi apa-apa
Turumu ana klasa bangka
Ngombemu banyu tawa
Gawehamu tansah rekasa
Dimungsuh si putra
Begja dene ana anjasmara
Uripmu mulya
Mungsuh Minakjingga
Meh pralaya
Waita-waita
Sirah sona sida lena.
Pahlawanku Suharta
Indonesia Merdiko
Sukarno lunga Suharto teka
Melu labuh Negara
Mranata anane putra
Negara tentrem raharja
Garwa putra tansah mulya
Uripe pada makarya.
Glundhung glundhung
byor
Kropyok-kropyok … sor
Biru, sulak putih padha awor
Prahu padha mlaku
Iwak gedhe cilikpadha gumuyu
Uwuh, ala becik diuntal mangan
Apa wae klebu wetenge segara
Dadiyo conmto kanggo manungsa.
O …. Lombok-lombok
Aja padha dolan rono
Brambang bawang uyah trasi
Turuwa ana pragen
Aja mara dhayoh nggonelah
Tiwas-tiwas kowe didadah
O munthu aja siya-siya karo aku.
Tresna iku aja lamis
Gethinga ing piala
Tresna rupa aja tinemu ing atimu
Tresna bandha ora prayoga
Padha tresna tinerestran nana
Nindakna rasa tresna sejati
Iku digawa mati.
Padha elingayen arep padha pacaran
Srawunga kanthi duga prayoga
Umurmu lagi pira?
Kira-kira apa wisprayogo
Padha dhedemitana
Aja katon ing wong liya
Mangan ngombe sa anane
Aja digawe-gawe.
Mung sawiji
Dhuh kusuma
Tansah dadi ati
Besok kapan aku bisa angawula
Nanging dudu abdi
Jroning nendra
Mung sira dak impi
Gandes luwes dasar manis
Merak ati
Pantes dadi sekar lathi.
Ayo kanca
Ayo kabeh wae
Sedulur saindenging Negara
Elinga jamane kaya ngene
Indonesia dirubung bebaya
E sedulur …..
Elinga saiki
Yo … dibuwang
Yo dibuwang kucing kenci
Yo kabeh maju nentremke Negara
Dimen mulyo tentrem raharjo
Pada prasajaa
Busanane putrid Indonesia
Ageman wang Jawa trah Surakarta
Disawang kaaton cekli merak ati.
Aja kaya saiki
Pakeane katon ssseg nglelingsemi
Katon gambar den tutupi
Ayo … ayo pada ganti.
Yen tak rasa
Ora kuwat rasa jroning ati.
Tansah katon neng telenging netra
Nggodha aku rina wengi
Pancen nyata
Yen sirupa ora mitayani
Nangeng aku wis kebanjur tresna
Angel anggonku ngoncati
Gek saiki ana ngendi.
Wayah sore ing kutha susu
Sangalas tahun kepungur aku lair
Nyesep angina sepisan ingkutha iki
Endah mung sarwa endah.
Dak wanti dina iki
Kepengin mlaku-mlaku ing wayah wengi
Kanthi rasa kangen lintang rembulan
Tengah wengi ing kutha Boyolali
Lila nglenggana marang titah Gusti
Tumrap gesang kang sejati
Tetes kringet wis
malih getih
Tetes eluh wis
dudu tangis
Rekasa tansah nelangsa
Linambaran pangupa jiwa
Bapak Ibu
Tresnamu langgeng dadaku
Kae ….
Kae mlayu rene
Polahe … polahe
Kaya dudu karepe dhewe
Nggilani
kaya arep nguntal-nguntala bumi
ora anak sing diwedeni
arep ngelun bumi iki
Tentrem ayem
Resik trima sithik
Mandeg kanggo ancik-ancik
Dahyoh – dhayoh gedhe cilik
Kabeh padha bungah
Nadyan diterak ombak sabenw ayah
Ora nate nggresah
Wusana dadi pecah … kalah.
Miliha miliha sakarepmu
Cikyut rumpil gampang gempil
Ciyut dasane kaya dalan menyang suwarga
Amba dalane bebasan tanpa cela
Anjok ing neraka
Miliha …. Miliha.
Padha methuthok
Esuk-sroe thengok-thengok
Kaya ora butuh beras saklemuk
Trima kanggo saba munyok.
Tangiyo, aja mung turu wae
Kae galo srengenge
Ora kayak owe mung mereng we
Wiwi esok nyambut gawe teka sore
Uripmu tansah nggegilani
Pantes tanggamu para peri
Janma mara janma mati
Dewa teka dewa bali
Ingon-ingonmu sato galak
Macan galak ula galak
Ula dumung padha bingung
Ula kisi upase mandi
Swarane mung tansah mbrebegi
Ora wijang mbaka siji
Kabeh bareng muni
Saya suwe saya tambah asri
Lintange sumuanr
Ing langit pating galebyar
Ira ana mega ora ana mendung
Rembulane ngegla ing ndhuwure gunung
Sasat ratu pinilala
Lintang sewu padha seba.
Mbulan-bulan gedhe
Ana putrid ngundhuh jambe
Wenehana ayumu sithik wae
Sok yen gedhe dadiya kayak owe
Mbulan mbulan gedhe
Midodari dha dolan rene
Suguhana suruh jambe
Kanggo ngganten sesok sore
Kowe ngendi omahmu
Kapan turumu
Ngalor ngidol ngetan ngulon sakarepmu
Kapan kowe lerenmu
Aku seneng
Kowe yan rada meneng
Aja seneng mlaku barang-barang
Yen kowe muring dadi bereng
Aku seneng duwe kanca geni
Geni iku pancen maedahi
Ora ana uwong kang ora butuh geni
Saben uwong migunakake geni
Geni cilik maedahi
Mula ayo padha ngati-ati
Kobrane geni bisa haneni wasi
Lanbene wong wadon iku ya kaya dene
geni
Banyu sepira akehe kancamu
Padha dadiya kaya banyu
Dipidak-pidak, diublak, dikapakake wae ora nesu
Omahmu anangendi he banyu.
Uripku karo kanca banyu
Sawah tegal njaluk banyu
Aja siya-siya karo bangu
Yen nepsu ngamuke ora kaya banyu
Mancala putra manca putri
Bu dhe utri saka pohong
Bu randha gulong iya pohong
Mbah thiwol jarene asale saka pohong
Yu gandhos digawe ya pohong
Sedulurku mas pohong
Dikethok-kethok, ditugel-tugel
Lenggoh-lenggoh kaya waloh
Ngrembuyung ledhung kaya lembayung
Ireng mentheleng meleng-meleng
mBegegeg ungkeg-ungkeg ora obah ora mosik
dipecah malah bungah
dikeprok mung manthok-manthok
mula boca bodho ndruwolo
bebasan kaya watu bunder
dienciki mingar-minger.
Aja kaya si mendhung
Ngalor ngidul ngetan ngulon kaya wong bingung
Ora duwe dunung
Karepe ngalahake gunung
Delengen ulate peteng
Ngluwihi ulate si kebo meteng
Or tau ana ulat kang ora peteng
Putih ilang mung kari ireng
Yen kelingan mring sliramu
Kaya rinujid atiku
Yen siyang katon ngalela
Bengi ora bisa turu
Apasliramu wis lali tenan
Biyen nate janji
Bungah susah bareng dilakoni.
Yen tak rasa
Rakuwawa rasa jrong ati
Tansah katon neng telengeng netra
ngGodha aku rina-wengi
Pancen nyata
Yen sirupa ora miyatani
Nanging aku wau kebanjur trisna
Angel nggonku angoncati.
Biyen sapasing marahi
Wekasane kowe mbalenjani
Apa dikira wong kuwi
Salawase katon edi peni
Mundhak dina mundhak sasi
Suwe-suwe dadi kaki nini
Dituturi dokandhani
Prayogane mangandum basuki
Putri Solo o
Dhasare kepara nyata
Pancen pinter alelewa
Pancen putrid Solo
Nganggoselendhang pelangi
Sumampir ana pundhake
Srandhal jinjit sawitane
Dhasar putri Solo.
Akin iki bocah nggunung
Adoh banget dunungku
Ora susah kathik nganggo bingung
Yen ta pancen tresnaku
Muga-muga
Aja nganti gawe-gawe gela
Donga dinonga ….
Tenebihna ing rubeda.
Yen kowe arep meguru
Goleka wong kang nyata
Ingkang gedhe martabate
Sarta kang weruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang ngirang-ngirnagi
Sokor oleh wong Jawa
Ingkang wus amungkul
Tur tan mikir pawehingliyan.
Yen ana wong kang ngomong bab ngelmu
Ora ana sambung rapet karodalil, kadis, ijemak, kiyas
Aja sira age-age
Saringana kanthi setiti lan resik
Dalil, kadis, ijemak, lan kias
Anaa kang mupakat
Kakehan gludhug kurang udan
Kanggo conto yen dadi prajurit
Suryaputra ngawangga dipati
Lan kadange kekasih Premdi
Liyan yayah tunggil bibi
Nangingarso amangsah jurit
Nempuh prang baratayuda
Sumbaga mati ngrana.
Satriya gung Nagri Ngalengka
Sang Kumbakarna kang asma
Sanadyan rupa raksasa
Suprandene nggayuh utama
Wiwit duk prang Ngalengka
Denya darbe prayoga
Mringkang raka Sri Rahmana
Dupeh mungsuh wanara
Kamulane kaluwak nom-nomanipun
Pandadi satunggal
Pocong aranipon ugi
Yen wus tuwa kalawake pisah-pisah
Den budiyakapriye ing becikipun
Aja nganti pisah
Kumpule kaya nomeki
Anom kumpul tuwa kumpul kang prayogi.
Wong sedulur memanise dipun runtut
Aja kongsi pisah
Ing samu barang karyeki
Yen padha disawang katon prayaga
Abot entheng wong duwe sanak sadulur
Ji-tos tandhingira
Yen golong sabarang pikir
Kacek uga yentan duwe sanak kadang.
Lamun bener painter pamomongipun
Kang ginawa tuwa
Aja nganggo abot sisih
Dipon sabar pamomonge sanak kadang
Luwih abot wong duwe sanak sadulur
Enthenge yen pisah
Pikire tan dadi siji
Abotipun yen sabyantu ing sakarsa
Den samya marsudeng budi
Weweka dipun was paos
Aja dumeh bisa muwus
Yentan pantes ugi
sanadyan mung sakecap
Yen tan pantes pernahira
Kudu golek masa ugi
Kang pantes ngajak celathon
Panggonan lamun miraos
Lawan aja sira muwus
Lan welinge kanggo wong aurip
Aja kerep-kerep supata
Iku agawe reged badanmu
Anangingwektu saiki
Ora ana itungan prakarsa
Supata digawe pakulina
Aja dilakoni
Den pada gemi ing lathi
Aja ngakehake pepisoh
Cacah cucah, ngabol-abol
Lamun tan lukani
Dumeleng dosanira
Mring abdi kang manggih duka
Lan padha dadiya eleng
Padha teguha lair baten
Ajangajap randhaning sedulor
Sanak miwah abdi
Karsa rewang sapasang
Uga randhaning mitra
Ing saben wyah wengi
Pasoryanmu tansah nggodha
Krasa mulyaayem rasaning atiku
O kembanging atiku,
Aja kaguran rasa mangu-mangu
Katresnanku iki murni suci
Mung kanggosliramu pribadi
Tampanen katresnanku.
Yen tak rasa rakuwawa rasa jroning
ati
Tansah katon ing telenging netra
Anggodha aku rina wengi
Pancen nyata, yen sirupa ora mitayani
Nanging aku wis kebanjur
tresna
Angel anggonku ngoncat
Impenku dhek mbengi kae
Kathikkaya yen tenan-tenan
Ketemu neng kana kae
Wela-wela tur padha gembira
Tangkepku marang dheweke
Kathik kaya jamane samana
Dhasar dhek biyen-biyene
Pancen padha ngucapake prasetya.
Sinten wonge mboten gela
Tilem mawon ndadak nglilir
Geragapan grayah-grayah
Kecandhak mung manggih guling.
Noleh nganan lan noleh ngerengg
Dheleg-dheleg nyepeng dhengkul
Tiwas-tiwas digagas
Jebule naming ngimpi
Mong tujune wong liya tanpa dha
ningali
Andheng-andheng ikui pancen becik
Ana gedhe ana cilik
Yen cedhak lathi katon tambah becik
Saben priya mesthi melek
Bocah nakal,
Seneng colong jupok
Selingkoh, goroh, tukar padu
Diarani wongkae ana andheng-andhenge.
Padha galangen ing driya
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den ka-esthi
Pesunen sariranira
Cegahen dhahar lan guling
Dadya lan lakunira
Nyegah dhahar lawan guling
Lan aja mung suka-suka
Tumindaka sawatawis
Ala wateke mung suka-suka
Kurang prayitna ing batin.
Yen wus tinitah wong pangakt
Aja sira gumunggung dhiri
Aja nyilakakake wong sudra
Kang ala laku nira iki
Nora wurong ngajak-ajak
Satemah anenulari.
Nadyan asorasalira
Yen kelakuhane becik
Utawa sugih sejarah
Sejarah kang dan alami
Beci sira raketana
Wusana kowe dadi becik.
Yen wong anom pan wustunutu
Manut marnag kang nyrawungi
Yen srawung karo durjana
Ora wurung bisa jati
Yen srawong lan durjana
Ora wurung wani maling
Sanadyan ora melua
Mesthi weruh lakune maling
Kaya mangkonosamubarang
Panggawe ala sayekti
Suwe-suwe bakal bisa
Ya iku wong manot ebles.
Yen wong urip sapunika
Kang den remeni sapuniki
Andhap asor dipun bcual
Umbag gumunggunging diri
Obral umuk kang den gulang
Lengos kumenthos kemaki.
Sapasira – sapa engsun
Angalunyat sarta ngedit
Iku lambanging wong ala
Nom-noman ngedohi wong becik
Sungkan mirengke cerita
Kang ala miwah kang becik.
Mulane sipara mudha
Becek engkang kang dintaberi
Jejagongan lan wong tuwo
Ingkang sugih kojah ugi
Kojah iku warna – warna
Ana ala ana becik.
Ingkang becik kojah ira.
Sira anggowo kang remet
Engkang alaiku doh ana
Aja niyat anglakoni
Lan den awasn wongkang kojah
Ing lair mangsa punika.
Sekar gambuh preng catur
Kang cinator
Polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadalu warsa katatuh
Kapatuh pandadi ewoh
Aja nganti kebanjur
Sabarang polah kang nora jujur
Yen kebanjur
Kojor sayekti tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayetos.
Pitutor bener iku
Sayektinu apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra pepeti
Lamun becik anggone muruk
Iku pantes sira anggo.
Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidang adigung piansthi
Pan adiguna ulaiku
Telu pisan mati sampyuh.
Si kidang umbagipun
Angendelaken kebat lumpatipuro
Yen si gajah ngendelaken agenging
inggilipun
Kang den endelaken ula
Mandine upase yen nyakot.
Kaya mangkono upamanipun
Aja ngendelake sir aiku
Tuking nata iya sapa kumani
Iku ambege wong digung
Ing wasna dadi asor.
Deduga lawan prayogo,
Lan reringa sawatara aja lali
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggala
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap, meneng lan nendra
Duga-duga aja kari
Sakabehing sabarang karya,
Ing prekara gedhe lan cilik,
Adad waton, tatakrama iku
Duga-duga lan prayogo
Rina wengi neng praja miwah neng
dhusun
Kabeh kang padha ambegan
Papat iku aja lali.
Nadyan beda bapa biyong kaki nini
Sadulor lan sanak
Kalamon wurok tan becek
Nora pantes anuta
Apa kaya mangkono watekan neki
Sanadyan wong tuwa
Yen duwe watak tan becik
Miwah ing tindak prayoga
Aja sira niru tindak kang ora becik
Sanadyan wang tuwa
Yen duwe watak tan becik
Miwah ing tindak prayoga
Iku pantes yen sira tirua kaki
Miwah bapa biyong
Amurok watek tan becik
Kaki iku estok ena.
Iki rasane atiku,nalika ketemu sliramu
Widadari swiwi katresnan ngadeg ing ngarepku
Aku ora bisa ngomong,amung bisa nyawang manis esemu
Rambute ngandan-andan,alise nanggal sepisan
Saka aku jiwa tanpa tresna
Saka aku manungsa kaguak saka rasa kabingahan
Ananging iki aku,kang kepengin nresnani sliramu
Jalaran nyawa mung paitanku
Pengen aku dadi kowe
Tansah gawe ademing ati
Embunmu dak sampar ing wayah esuk
Gawe seger batinku
Pancen ora kaanggep
Mung diidak,diguwak banjur diobong
Pancen ora suwe,mung sedela uripe
Bakal layu kababat panasing jaman
Semen,beton,cor tansah ndungkep seseg
Sakabehing perkara tansah malang
Nanging mung kowe pangayem uripku
Suket,pengen dak kekep ing wayah sore
Tansah bungah atiku
Lair ing tengahing urip sejati
Pancen aku ora ora melu
Amung gari magrok melu seneng
Ora katerjang peluru
Ora wutah getih
Ananging bakal tak jaga
Dak bela jalaran toh nyawa
Bangsaku pangayom uripku
Dak teruske perjuanganmu
Mung sliramu kusumaning atiku
Mung sliramu pepadhang uripku
Nyawaku mung kanggo sliramu
Tresnaku ora bakal layu
Iki aku manungsa tanpa rupa
Kepengin endahing tresna sejati
Kepengin ditresnani sakdurunge mati
Cah ayu,mung sliramu
Saka ngendi rasa iki
Pancen ndhisik dak karepake
Nanging karo aku,amung karo aku
Ora wong liya,ora wong kuwi
Pengenku mung sliramu
Pengenku mung atimu
Nanging saiki mbok tumbak atiku
Karo wong kae
Aku ora bakal lali
Ora bakal dak lalekake
Tansah eling manis esemu
Bakal tak eling nganti sakmatiku
Mung wengi uripku
Mung wengi kang bisa ngancani
Tansah nggrantes ati iki
Awaku mbok tinggal bali maring Gusti
Napa kudu ana kang beda
Kena apa aku beda karo sliramu
Sanajan tresna iku ora meksa
Ananging ati iki mung duwekmu
Aku percaya kasektening asmara
Sakabehing bebendu bakal layu
Tresnaku pepujan atiku
Aku tresna sliramu lan agamamu
Mung sliramu esemku,bungahku,tangisku
Mung sliramu tansah ing impen wengi-wengiku
Mung sliramu embunku esukku
Tansah gawe seger atiku
Isih dak tunggu tresnamu
Dak tunggu janji manismu
Nanging jebul mung lamis
Sliramu srengenge ing wayah sore
Pengen tak tapuk raimu sing manis
Supaya kowe ngerti yen kowe pancen manis
Pengen dak cukil endah matamu
Supaya kowe ngerti yen pancen endah matamu
Dak akoni aku pancen jirih
Anggone ngambung lan ngekep awakmu
Nanging aku ora jirih
Ngandhakake tresnaku marang sliramu
Dak wenehke sliramu
kembang pete
Mingka pratandha tresnaku kere
Guwangen adoh-adoh pepinginan mulukmu
Merga amung tresna paitanku
Dak wenehku sliramu godhong benalu
Minangka pratandha nelangsa batinku
Ananging kanggo sliramu
Dak lakoni nganti wutahing getihku
Pancen durung suwe
Dak pilih atimu pepujan atiku
Mung tansah bungah uripku
Kepingine mung karo sliramu
Dak eling-eling janjimu
Tresnamu mung kanggo aku
Nanging apa nyatane saiki
Sliramu ninggalake aku
Aku mung bisa ngomong
Endi janjimu
Wis tak arep arep
Suwe ne aku ngenteni
Apa sing dadi panjalukku
Saiki wis isa dak rasake
Lungguh jejer ning sandingmu
Karo wong kang tak tresnani
Kaya donya iki duweke wong loro
Cah bagus,sliramu kang dadi angenku
Pikiran mumet
Amarga ngrasake urip
Kaya ngene wae rasane urip
Sing sugih sansaya sugih
Wong cilik tetep wae
ajeg
Saiki urip mung kaya ngene
Mung rasa prihatin
Dak rasake saiki
Deleng uripku iki
Saumpama aku wis gedhe
Apa kang arep tak wenehke
Marang awakmu idolaku
Sing tak tresnani
Ibuku....
Mung isa bales kanthi tresnamu marang
aku
Aku ora bisa kaya saiki
Tanpa sliramu
Ibuku...
Aku seneng yen udan teka
Mendung iku tanda tekamu
Grimis gawe lemah iki teles
Dak rasake rintik-rintik banyumu
Tiba ing bumi iki
Gawe ayeme ati
Isih dak eling manis esemu
Endah matamu
Rambutmu kang tansah ngawe-awe
Kepengin aku ketemu sliramu
Apa kowe eling wis tau dak ambung
pipimu
Apaa kowe eling gandhengan tangan
saben wektu
Tresnaku, sayangku
Ing ngendi dunungmu
Mendung wayaah esuk
Udan gerimis ing kudus
Endah, ora bakal dak lalekake
Dak rasake anget kekepanmu
Mbok kekep awakku
Sliramu turu ing gegerku
Kepengin terus mlaku
Tanpa rampungan esuk iku
Nalika iku dak tulis layang katresnan
Minangka pratandha katulusanku
Marang cah ayu kang ono ing
impenku
Kang tansah gawe endah uripku
Ora kuwat anggonku nahan rasa
Amung jalaran tresna suci
Dak tulis layang iki
Marang sliramu tresna sejati
Aning ngarsane Gusti
Binuka isining kalbu
Sanyata najis uripku
Aning ngarsane Gusti
Aning ngarsane Gusti
Katon cetha kluputanku
Mung kebak lamis uripku
Ananging tansah ing ngarsane
Gusti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar