Kamis, 03 Juli 2014

EJAAN BASA JAWI, Dening: Ermi D.K., S.S., M.Hum

EJAAN BASA JAWI

Dening: Ermi D.K., S.S., M.Hum


1. Bebuka

            Basa Jawi ing wekdal samangke nembe ‘naik daun’, amargi dados wucalan muatan lokal ing SD dumugi SMA/SMK/MA ing tigang propinsi inggih punika Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY. Basa Jawi dipunlebetaken kurikulum, dipunajab supados para siswa saged wicantenan ing basa Jawi langkung-langkung basa krama, luhur bebudenipun, lan nguri-uri kabudayan saha kasusastran Jawi. Pamulangan basa Jawi ing tingkat SMA/SMK/MA punika taksih enggal, nanging pamulangan basa Jawi ing tingkat SD tuwin SMP sampun dangu.

            Pamulangan basa Jawi ing samangke wonten kalih kaprigelan inggih punika kaprigelan ing babagan basa lan ing babagan sastra. Pamulangan ing babagan kaprigelan basa ngangge pendekatan komunikatif lan ing babagan kaprigelan sastra pendekatanipun apresiatif. Dados lare boten sinau teori basa lan sastra ingkang jlimet.

            Ngrembag pamulangan basa, wonten kahanan ingkang nrenyuhaken, inggih punika bab panulisan ejaan basa Jawi. Amargi ngantos samenika kula taksih menangi lare ingkang boten saged bentenaken panulisan a jejeg utawi a miring lan sanes-sanesipun.. Tuladhanipun menawi lare dipun dikte utawi kapurih ngarang, umpaminipun nulis tembung suka, kathahipun dipuntulis suko. Arta dados arto, lunga dados lungo, aja dados ojo, kokkapakake dados kok kapakake, kok leran-leren dados kokleran-leren, ragade dados ragate, arep dados areb, lair dados lahir, nglungguhi dados nglunggui, lan sapanunggalanipun.

            Menawi kita kedah migunakaken basa Indonesia kanthi EYD ingkang leres, semanten ugi kita kedah migunakaken basa Jawi kanthi EYD ingkang leres. Kula kinten, perlu malih anggenipun para dwija maringi wucalan panulisan ejaan basa Jawi, saingga lare saged ngertos pundi ingkang leres lan lepat. Mucal ejaan basa Jawi punika boten kedah ngangge teori ingkang jlimet, saingga malah dadosaken lare bingung. Cara ingkang langkung gampil inggih punika tansah ngleresaken panulisan ejaan ingkang lepat nalika lare nulis utawi ngarang. Menawi sampun kulina, gampil anggenipun nerasaken mucal ejaan basa Jawi ingkang kasampurnakaken. Salajengipun lare diparingi gladhen murih boten kesupen anggenipun ngangge Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan, saingga saged ngembangaken kaprigelan nyerat (Menulis).

            Lelandhesan kasunyatan kasebut ing nginggil, ing kalodhangan punika kula badhe ngaturaken bab paramasastra, mliginipun bab panulisan ejaan basa Jawi.





Vokal basa Jawi:


Vokal
Caranipun maos
Dipunwastani
Tuladha
a
[O]
a jejeg
lara [lOrO]



sapa [sOpO]

[A]
a miring
aku [Aku]



ora [orA]




i
[ i ]
i jejeg
iki [iki]



pipi [pipi]

[ I ]
i miring
pitik [pitIk]



arit [ArIt]




u
[ u ]
u jejeg
udan [udAn]



tuku [tuku]

[ U ]
u miring
duduh [dudUh]



abuh [AbUh]




e
[ e ]
e pepet
enem [enem]



lemud [lemUd]

[ e ]
e jejeg
eman [emAn]



rene [rene]

[ e ]
e miring
penek [penek]



esem [esem]




o
[ o ]
o jejeg
omah [omAh]



kebo [kebo]

[O]
a jejeg
pawon [pAwOn]



dhayoh [dAyOh]


  • Panulisan Vokal:


1a. Yen ana swara a jejeg utawa [ O ] ing tembung lingga diwuwuhi panambang -e utawa [ e ], swara a jejeg mau dadi swara a miring [A] , swara a jejeg ing tembung mau kudu ditulis nganggo aksara a.

Tuladha:
arta                  +          -e                     = artane
[ArtO]                                                    [ArtAne]

bala                  +          -e                     = balane
[bOlO]                                                   [bAlAne]

segara  +          -e                                 = segarane
[segOrO]                                                [segArAne]

sisa                  +          -e                     = sisane
[sisO]                                                      [sisAne]
           
            Dadi tembung arta, bala, segara, sisa, ora kena ditulis arto, bolo, segoro lan siso, jalaran swara a jejeg utawa [O] ing tembung kuwi bareng diwuwuhi panambang –e, swara a jejeg malih dadi a miring utawa [A].


1b. Yen ana swara a jejeg utawa [O] ing tembung lingga diwuwuhi panambang –e utawa [e] swara a jejeg mau ajeg, utawa ora malih dadi swara a miring utawa [A], swara a jejeg ing tembung mau kudu ditulis nganggo aksara o.

Tuladha:
Growong         +          -e         = growonge
[grOwOng]                                [grOwOnge]

bolong             +          -e         = bolong
[bOlOng]                                    [bOlOnge]

kopi                 +          -e         = kopine
[kOpi]                                         [kOpine]

oyod                +          -e         = oyode
[OyOd]                                      [OyOde]

            Dadi tembung growong, bolong, kopi, oyod ora kena ditulis grawang, balang, kapi lan ayad, sabab swara a jejeg ing tembung mau bareng diwuwuhi panambang –e, ora malih dadi swara a miring [A].


2. Panulise i swara miring utawa [I]
            Yen ana swara i miring utawa [I] ing tembung lingga kang swarane memper e jejeg utawa [e] lan diwuwuhi panambang –e [e], swara i mau malih dadi swara i jejeg utawa [i], swara i miring ing tembung mau kudu ditulis mawa aksara i.
Tuladha:
  • Cacing             +          -e         = cacinge
[cAcIh]                                     [cAcihe]
  • maling             +          -e         = malinge
[mAlIh]                                      [mAlihe]
  • pitik                 +          -e         = pitike
[pitIk]                                         [pitIke]
  • wajik               +          -e         = wajike
[wAjIk]                                      [wajike]
  • rawit                +          -e         = rawite
[rAwIt]                                       [rawite]

            Dadi tembung cacing, maling, pitik, wajik,lan rawit ora kena ditulis caceng, maleng, pitek, wajek, lan rawet, sabab i miring [I] ing tembung mau bareng diwuwuhi panambang –e, swara i miring dadi swara i jejeg [i].


3. Panulisan u swara miring utawa [U]
            Yen ana swara u miring utawa [U] ing tembung lingga sing swarane memper o jejeg utawa [o] terus diwuwuhi panambang –e utawa [e], swara u miring mau malih dadi swara u jejeg utawa [u], swara u miring ing tembung mau kudu ditulis nganggo aksara u.

Tuladha:

Jagung             +          -e         = jagunge

[jAgUh]                                     [jAguhe]

wedhus            +          -e         = wedhuse
[wedUs]                                     [weduse]

weruh              +          -e         = weruhe
[werUh]                                      [weruhe]
siwur               +          -e         = siwure
[siwUr]                                       [siwure]

watuk              +          -e         = watuke
[wAtUk]                                    [wAtuke]





            Dadi tembung jagung, wedhus, siwur, watuk, lan weruh ora kena ditulis jagong, wedhos, siwor, watok, lan weroh, jalaran swara u miring utawa [U] ing tembung mau bareng diwuwuhi panambang –e, swara u miring ing tembung kuwi malih dadi swara u jejeg utawa [u].




  • Panulisan Mandaswara

Sing kalebu swara mandaswara kayata: y, w, lan h. Swara y, w, lan h antarane basa Indonesia lan basa Jawa iku ora padha. Supaya cetha ing ngisor iki dijlentrehake:

1). Swara y
            Ing basa Jawa, swara y kudu ditulis. Swara y sing kudu ditulis ing basa Jawa kuwi swara y ing tembung lingga. Nanging menawa ing tembung andhahan utawa tembung lingga diwuwuhi panambang lan metu swara y, swara y iki ora kena ditulis.

Tuladha :
(1). Ing tembung andhahan
            rabi      +          -a         = rabia            ora kena ditulis            rabiya
            wani    +          -a         = wania           ora kena ditulis            waniya
            rene     +          -a         = renea            ora kena ditulis            reneya
            bali      +          -a         = balia             ora kena ditulis            baliya
            sare      +          -a         = sarea            ora kena ditulis           sareya

(2). Ing tembung lingga

Basa Jawa
Basa Indonesia
prasetiya
prasetia
satriya
satria
priya
pria
niyat
niat


2). Swara w
            Ing basa Jawa, swara w kudu ditulis. Sing ditulis ing basa Jawa kuwi swara w ing tembung lingga. Dudu swara w sing metu ing tembung andhahan.

Tuladha:
(1). Ing tembung andhahan
            biru      +          -a         = birua            ora kena ditulis            biruwa
            tuku     +          -a         = tukua            ora kena ditulis            tukuwa
            turu      +          -a         = turua            ora kena ditulis            turuwa
            rono     +          -a         = ronoa           ora kena ditulis           ronowa
            ijo        +          -a         = ijoa               ora kena ditulis            ijowa

(2). Ing tembung lingga

Basa Jawa
Basa Indonesia
bruwang
beruang
buwang
buang
dhuwit
duit
guwa
gua
tuwa
tua


3). Swara h
            Ing basa Jawa swara h ora ditulis, nanging yen basa Indonesia swara h malah kudu ditulis. Swara h kang ora ditulis ing basa Jawa iku, swara h ing tembung lingga kang diapit vokal loro sing beda unine. Vokal loro sing sok ngapit swara h yaiku vokal i-a, lan vokal a-e. Nanging menawa ana tembung lingga kang wekasane aksara h, lan tembung iku diwuwuhi panambang, aksara h ing tembung lingga kuwi ora ilang (ora luluh), sanadyan ing pocapan swara h kaya ilang utawa kaya ora ana.


Tuladha:
(1). Ing tembung andhahan
            duduh              +          -e         = duduhe         ora kena ditulis            dudue
            weruh              +          -e         = weruhe         ora kena ditulis            werue
            uyah                +          -e         = uyahe           ora kena ditulis            uyae
            adoh                +          -e         = adohe           ora kena ditulis            adoe

(2). Ing tembung lingga
Basa Jawa
Basa Indonesia
jait
jahit
pait
pahit
lair
lahir
jae
jahe

            Apa sababe tembung duduhe, weruhe, uyahe, lan adohe ora kena ditulis dudue, werue, uyae, lan adoe ? Sabab tembung duduhe, weruhe, uyahe, lan adohe kuwi saka tembung lingga duduh, weruh, uyah, lan adoh.


  • Panulisan Swara Anteb

Swara anteb b, g, lan d sok cawuh karo swara p, k, lan t. Luwih-luwih yen aksara iku dumunung ing buri dhewe. Cawuhe swara kuwi jalaran ora bisa mbedakake endi sing basa Jawa lan endi sing basa Indonesia. Prayogane ing panulisan swara anteb iki aja dicawuhake, sabab antarane basa Jawa lan basa Indonesia beda.
Tuladha:
(1).       kitab                ora ditulis        kitap
            sabab               ora ditulis        sabap
            rebab               ora ditulis       rebap
            murub              ora ditulis        murup
            abab                 ora ditulis        abap

(2).       Ambleg           ora ditulis        amblek
            bedhug                        ora ditulis        bedhuk
            gudheg                        ora ditulis        gudhek
            gubug              ora ditulis        gubuk

(3)        babad              ora ditulis        babat
            joged               ora ditulis        joget
            kesed               ora ditulis        keset
            ragad               ora ditulis        ragat
            saged               ora ditulis        saget
            Tembung kitab, sabab, rebab, murub, abab, (1) ora bener yen ditulis kitap, sabap, rebap, murup, abap. Tembung ambleg, bedhug, gudheg, gubug, (2) ora bener yen ditulis amblek, bedhuk, gudhek, gubuk. Tembung babad, joged, kesed, ragad, lan saged (3) ora bener yen ditulis babat, joget, keset, ragat, lan saget.

·         Gunane Anuswara
Anuswara utawa nasal (bunyi sengau) gunane ana loro, yaiku:
1). Anuswara kang kanggo nggampangake pocapan (melancarkan pelafalan), nanging ora ngowahi surasane tembung utawa ngowahi jinising tembung.
Tuladha:
            biyen               à        mbiyen
            boten               à        mboten
            barep               à        mbarep
            bandung          à        mbandung
            dhuwur            à        ndhuwur
            demak             à        ndemak
           
Ing panulisan, anuswara kang kanggo nggampangake pocapan ora prelu katulis. Dadi yen nulis biyen ora mbiyen, boten ora mboten, barep ora mbarep, Bandung ora mBandung, dhuwur ora ndhuwur, Demak ora nDemak.

2). Anuswara sing bisa ngowahi surasane tembung lan jinising tembung.
Tuladha:
(1).       garong à        nggarong
(2)        pacul                à        macul
(3)        sapu                 à        nyapu
            Tembung garong, pacul, sapu ing dhuwur kalebu tembung aran, nanging bareng dadi nggarong, macul, lan nyapu, malih dadi tembung kriya. Yen anuswara kang bisa ngowahi surasane tembung lan jinising tembung, anuswara kuwi kudu ditulis.

·         Panulisane Tembung dak
1). Yen ing ngarepe tembung dak ana tembung aku, panulisane dak ing ukara kasebut ora prelu kagandheng, jalaran dak ing ukara mau bisa duwe teges arep. Tuladha:
(1)        Rungokna aku dak nembang Pangkur.
            Rungokna ake arep nembang Pangkur.
(2)        Aku dak sinau dhisik, kowe aja ngajak crita bae.
            Aku arep sinau dhisik, kowe aja ngajak crita bae.

2). Yen ora ana tembung aku ing ngarepe tembung dak, panulise dak digandheng, sebab dak ing kono dadi ater-ater lan tegese padha karo aku. Tuladha:
(1)        Rungokna daknembang Pangkur.
            Rungokna aku nembang Pangkur.
(2)        Daksinau dhisik, kowe aja ngajak crita bae.
            Aku sinau dhisik, kowe aja ngajak crita bae.

·         Panulisan Tembung kok
1). Yen kok awujud ater-ater, panulise kudu digandheng karo tembung linggane. Ater-ater kok- duwe variasi mbok-, tok-. Tuladha :
(1)        Capingku kuwi aja kokgawa bali.
(2)        Kirimanku apa wis koktampa Gus?
(3)        Adhine mau kokkapakake Lis?

2). Yen kok kuwi awujud partikel, ing panulisan ora prelu kagandheng. Tuladha:
(1). Ana apa kowe mau kok mloya-mlayu?
(2). Nyambut gawe kok leran-leren wae.
(3). Wong aku ora njupuk dhuwit kok diarani.

            Kanggo niteni kok kalebu ater-ater utawa partikel bisa kanthi cara niteni ukarane. Yen tembung kok bisa malih (bervariasi) dadi tembung mbok- utawa tok-, kena dipesthekake kok ing ukara kasebut mesthi ater-ater. Ananging yen tembung kok ora bisa malih utawa ora bisa lira-liru karo tembung mbok utawa tok, dipesthekake kok ing ukara kasebut dudu ater-ater.
Tuladha:
(1)        Kokjiwiti ta bocahe mau?
(1a)      Mbokjiwiti ta bocahe mau ?
(1b)      Tokjiwiti ta bocahe mau ?
            Sarehne kok ing ukara kasebut bisa lira-liru karo tembung mbok (1a) lan tok (1b), mula panulisane kok ing ukara kasebut kudu disambung, jalaran kok ing ukara iku kalebu ater-ater.
Tuladha :
(2)        Wong aku wegah kok dipeksa.
(2a)      *Wong aku wegah mbok dipeksa.
(2b)      *Wong aku wegah tok dipeksa.
            Sarehne kok ing ukara kasebut ora bisa lira-liru karo tembung mbok utawa tok, panulise kok ora perlu digandheng.


***edk***


Tidak ada komentar:

Posting Komentar