Ingkang dipun wastani ukara inggih
punika rerangkèning tembung sawatawis ingkang saged mujudaken / nglahiraken
gagasanipun tiyang.
A. Péranganipun ukara:
Ukara kedadosan saking pérangan ingkang
baken, jejer lan wasésa.
Supados ukara kala wau saged sampurna
tegesipun, asring ukara punika dipun wéwahi.
katrangan.
Warni warnining katrangan :
a. Katrangan lésan kang nandang
(pelengkap penderita).
b. Katrangan lésan kang pinarih
(pelengkap penyerta).
c. Katrangan lésan kang tumindak
(pelengkap pelaku).
d. Katrangan mangsa: wis, lagi, arep,
kapan, dhèk wingi.
e. Katrangan panggènan: ing kono,
ngomah, ing pasar.
f. Katrangan kaanan (kawontenan):
kanggé nerangaken
wasésanipun – banget, cetha, kepénak.
Tulada Ngudhal Ukara Miturut
Kalinggihanipun (Kalungguhané).
a. Kucing iku | mangan | tikus |
1 2 3
1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang
nandang
b. Simbok | nukokaké | layangan |
adiku |
1 2 3 4
1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang
nandang,
4. lésan kang tumindak
c. Aku | diwènèhi | dhuwit |
mbakyu |
1 2 3 4
1. jejer, 2. wasésa, 3. lésan kang
nandang,
4. lésan kang tumindak
d. Suk embèn | bapak | arep |
mundhutaké | klambi | aku |
1 2 3 4 5 6
menyang Sala |
7
1. katrangan mangsa, 2. jejer, 3. katrangan
mangsa,
4. wasésa, 5. lésan kang nandang, 6.
lésan kang pinurih,
7. katrangan panggonan
e. Gunung iku | dhuwur | banget |
1 2 3
1. jejer, 2. wasésa, 3. katrangan kahanan
f. Si Ali | mangané | ademenakaké
|
1 2 3
1. jejer, 2. wasésa, 3. ktrangan wasésa
g. Omahé
| bapak | arep | didol | suk embèn |
1 2 3 4 5
1. jejer, 2. katrangan jejer, 3. katrangan mangsa,
4. wasésa,
5. katrangan mangsa.
h. Sayak
| abang kaé | reged | banget |
1 2 3 4
1. sayak, 2. katrangan jejer, 3. wasésa,
4. katrangan kahanan
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar