Kamis, 03 Juli 2014

Tembung Lingga lan Andahan

Tembung Lingga lan Andahan
Têmbung Linggå
Inggíh punika têmbung íngkang dèrèng éwah sakíng aslinipún:
- tulis, turu, tuku.

Têmbung Andahan
Inggíh punika têmbung íngkang sampún éwah sakíng lingganipún:
- tulis dados nulisi,
- turu dados nurokaken,
- tuku dados daktukoni.

Têmbung lingga sagêd éwah dados têmbung andhahan, sabab:

1. angsal wéwahan:
a. dipun wéwahi ing sangajenging tembung wéwahan, 
wéwahan sangajêng têmbung naminipun Atêr atêr: 
m, n, ny, dak, ko di, ké, sa, pa, pi, pra, kuma, kapi, kami
b. dipun wéwahi ing sawingkingipun têmbung,
wéwahan sawingkinging têmbung naminipun Pênambang:
ku, mu, é, èn, an, i, aké, a, na, ana, né.
c. angsal sêsêlan: in, um, 
jupuk – jinupuk,
gantung – gumantung.

2. dipun rangkêp:
a. sadaya: watuk – watuk, bola –bali
b. ngajêng: têtuku
c. wingking: cêngèngès.

3. dipun campur (cambor) kaliyan têmbung sanès:
baya – pakéwuh.

4. dipun cêkak (wantah) : dhuwit – dhit

Tidak ada komentar:

Posting Komentar