Panyeratipun
Basa Jawi Mawi Aksara Latin
|
A. Panganggènipun Aksara Ageng:
1. Kanggé nyerat irah - irahan (bab). 2. Aksara ing wiwitaning ukara. 3. Kanggé nyerat nama mandiri. Upami: Musi, Paimin, Ciamis. pasopati, lan sapanunggilipun. 4. Cekakan, upami: ABRI. 5. Ingkang kaanggep wigatos: Ingkang Maha Wikan. ....... badhé leladi dumateng Nusa, Bangsa, lan Agama. B. Ingkang Adaan Sanget Panyeratipun: 1. Ponorogo leresipun: Panaraga sopunika leresipun: sapunika Bongsa leresipun: bangsa 2. Sepélé, mréné, gègèr, kètèl, kabèh Swanten "é" lan ‘è" kedah kaserat mawi "e" lan pratandha layar nginggilipun. 3. Kuthuk, dhuwur, kathok, kodhok Aksara t kaserat dados "th" Aksara d kaserat dados "dh" 4. kluwak, luwak, kuwat, kowat Swanten "u" utawi "o" kasusul ing swanten "a" kedah mawi aksara manda. 5. sekalian, kadang kadéyan, liyané, sampéyan Pindahipun swanten "i" utawi "é" dhateng swanten "a" mawi aksara manda swara "y". |
Kamis, 03 Juli 2014
Panyeratipun Basa Jawi Mawi Aksara Latin
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar