UNDHA
USUK BASA
v
Yaiku cak-cakane basa miturut drajat utawa trap-trapane umur.
v
Undha usuk Basa:
1. Ngoko
2. Madya
3. Krama
4. Krama inggil
5. Kedhaton
6. Krama desa
7. Basa kasar
v
Supaya gampang anggone sinau basa Jawa, undha usuk kuwi diprasajakake
dadi 2, yaiku:
1. Ngoko : a. Ngoko Lugu b. Ngoko Alus
2. Krama : a.
Krama Lugu b. Krama Alus
v
Cirine Ngoko alus lan krama alus yaiku ing ukara-ukarane ana tembung
krama inggil.
Tuladha:
1. Ngoko lugu : Aku manut apa karepmu iku. Saiki aku
njaluk pamit. Suk setu wae mrene maneh.
Ngoko
alus : Aku ndherek kersa
panjenengan iku. Saiki aku nyuwun pamit. Suk setu wae sowan
mrene maneh.
2. Krama lugu : Kula manut punapa kajeng sampeyan punika.
Sapunika kula nyuwun pamit. Benjing setu kemawon mriki malih.
Krama alus : Kula ndherek ingkang dados kersa
panjenengan punika. Sapunika kula keparenga nyuwun pamit.
Benjing setu kemawon sowan mriki malih.
v
Perlu digatekake, terkadhang ana klera-kleru panganggone tembung krama
inggil kang dadi cirine basa alus, yaiku tumrap awake dhewe (O1= orang
pertama). Tembung krama inggil kang bisa dienggo tumrap awake dhewe (O1) asring
diarani Krama andhap. Cacahe ora akeh, kayata: atur, caos, dherek, marak,
sowan, sung, suwun lsp.
Tuladhane ing ukara:
1. Kula matur bilih benjing
Ahad kula badhe kesah.
2. Kula nyaosi angsal-angsal
brem wedalan Madiun.
3. Kula sapunika badhe
ndherekaken Bapak Guru.
4. Kula mangke marak pukul
sanga.
5. Kula misungsung Bapak Bapak
Camat ingkang mentas winisudha.
6. Kula sowan Bapak RW mangke
sonten.
7. Kula nyuwun pamit rumiyin.
v
Gatekna panganggone basa krama ing ngisor iki:
1. A : “Rak boten gerah ta padharan panjenengan?
B :
“Weteng kula boten sakit, nanging untu kula radi senut-senut.”
A : “ O, panjenengan gerah waja.
2. A : “Kepareng maringi setunggal kemawon.”
B : “Mangga, panjenengan
kula aturi kalih. Anak kula sampun kula sukani setunggal.”
3. A : “Sinten asma panjenengan ingkang jangkep?”
B : “Nama kula ingkang jangkep Mahendra Aji.”
4. A : ”Saestu mundhut tahu punika, Bu?”
B : ”Temtu kula saestu
tumbas, punika kula remen sanget.”
5. A : ”Mangga kula aturi dhahar rumiyin.”
B : “Matur nuwun, kula sampun nedha.”
NGLERESAKEN INGKANG LEPAT
A = lepat
B = leres
1. a. Nyuwun pirso rumiyin.
b. Nyuwun priksa rumiyin.
2. a. Konco kula pinarcoyo dados ketua.
b. Kanca kula pinitados dados pangarsa.
3. a. Sampun arang-arang wonten.
b. Sampun awis-awis wonten.
4. a. Tumrap kita sedoyo.
b. Tumrap kula panjenengan (panjenengan kula) sedaya.
5. a. Lik Kardi nggadhahi 3 maesa.
b. Lik Kardi gadhah maesa tiga.
6. a. Ingkang dipunwastani jamu makaten….
b. Ingkang dipun wastani jampi punika….
7. a. Bantuwan wujud material.
b. Bantuwan wujud bandha beya.
8. a. Lajeng dipunparingi uyah sakedhik.
b. Lajeng dipun sukani sarem sakedhik.
9. a. Kula nate ngingu welut.
b. Kula nate ngingah welut.
10. a. Ampun dicaritaaken dhateng konco-konco.
b. Ampun dipuncariyosaken dhateng kanca-kanca.
12. a. Pasar punika papanipun tiyang dol tinuku.
b. Peken punika papanipun tiyang sade tinumbas.
13. a. Sampun nyoba kaping lima.
b. Sampun nyobi kaping gangsal.
14. a. Kula ngirimaken kagungan kula piyambak.
b. Kula ngintunaken gadhahan kula piyambak.
15. a. Bab ing nginggil kala wau.
b. Bab ing nginggil punika (kasebat).
16. a. Pengertian ingkang sanget penting.
b. Pangretosan ingkang wigati sanget.
17. a. Ngulinakaken tindak-tindak ing wanci enjang.
b. Ngulinakaken mlampah-mlampah ing wanci enjang.
18. a. Badhanipun adhem sanget.
b. Badhanipun asrep sanget.
19. a. Celak kali hawanipun boten panas.
b. Celak lepen hawanipun boten benter.
20. a. Asma kawula Sumadi.
b. Nama kula Sumadi.
21. a. Penting kangge kita.
b. Wigati kangge kula panjenengan sedaya.
22. a. Becikipun badhan dipun gerakaken supados sehat.
b. Saenipun (prayoginipun) badhan dipun ebahaken supados saras.
23. a. Asta lan samparan kula gringgingen.
b. Tangan tuwin suku kula gringgingen.
24. a. Wonten mriki kemawon.
b. Wonten ngriki kemawon.
25. a. Menawi dipun keparengaken….
b. Menawi dipun parengaken…..( Menawi kepareng, menawi kaparengaken)
26. a. Mugia saged njumbuhaken….
b. Mugi saged njumbuhaken….
27. a. Mangkih kemawon..
b. Mangke kemawon.
28. a. Supadosa saged tentrem ayem.
b. Supados saged tentrem ayem.
29. a. Tugas kula sampun rampung.
b. Ayahan (jejibahan) kula sampun rampung.
30. a. Anak kula kalih kakung estri.
b. Anak kula kalih jaler estri.
31. a. Srawung dhateng sesaminipun.
b. Srawung kaliyan sesaminipun.
32. a. Terutama tumindhak susila.
b. Utaminipun tumindhak susila.
33. a. Mugi-mugi pinanggihan punika sukses.
b. Mugi-mugi pepanggihan punika kasil (murakabi, migunani).
34. a. Sampun meluas dhateng mrika-mriki.
b. sampun sumebar (mratah) dhateng pundi-pundi.
35. a. Sedaya nggayuh surga.
b. Sedaya nggayuh swarga.
36. a. Keluarga ingkang saged mandiri.
b. Kulawarga ingkang saged mandhiri.
37. a. Menggah bentukipun tergantung ingkang dipun remeni.
b. Menggah wujudipun gumantung ingkang dipun remeni.
38. a. Kedah dipun bina terus-menerus.
b. Kedah tansah kagulawentah (dipun budidaya).
39. a. Tiyang pasaduluran mesthi kathah luputipun.
b. Tiyang pasadherekan temtu kathah lepatipun.
40. a. Dados alat tukar menukar.
b. Dados pirantos lelintonan.
41. a. Namung kangge sementara mawon niku.
b. Namung kangge sawatawis kemawon punika.
42. a. Sampun cocok kaliyan rencananipun.
b. Sampun cocok la;iyan rancanganipun (rantamanipun).
43. a. Mangga sami dipun nikmati sareng-sareng.
b. Mangga sami dipun emataken sesarengan.
44. a. Masalah ingkang saling berkaitan.
b. Bab ingkang sami dene gegayutan.
45. a. Punika cucal sardula.
b. Punika wacucal (walulang) sawer.
46. a. Mboten wonten ingkang menang.
b. Mboten wonten ingkang mimpang.
47. a. Paring pangestu dhateng temanten kekalih.
b. Paring pangestu dhateng penganten kekalih.
48. a. Amrih sageda laras.
b. Amrih laras.
49. a. Sareng dumugi ing mrika.
b. Sareng dumugi ing ngrika.
50. a. Kecampuran lumpur.
b. Kecampuran lendhut.
51. a. Damen pari kanggo rabuk.
b. Damen kanggo rabuk.
52. a. Kula terpaksa mundhut kalih.
b. Kula kepeksa tumbas (mendhet) kalih .
53. a. Lari-lari wanci enjing nyehataken sarira.
b. Mlajeng-mlajeng ing wanci enjing damel sarasing badhan.
54. a. Kaping angka kalih babagan kesehatan.
b. angka kalih babagan kasarasan.
55. a. Nyuwun sewu.
b.Nuwun sewu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar