I. Miturut Pandapukipun, Ukara,
wonten:
1. Ukara genep (ukara lamba).
2. Ukara boten genep (ukara gothang).
3. Ukara rangkep (ukara majemuk).
1. Ukara ganep sakedhikipun kedah
wonten jejer lan wasésanipun, sok ugi wonten katranganipun.
Tuladha:
- Saidi mlaku
- Bocah nakal kaé dolan mrénê.
2. Ukara boten ganep (ukara gothang)
kapérang:
a. gothang jejeripun.
- rénéya sedhéla baé !
- Tukokna rokok !
b. gothang wasésanipun:
- Sajaké Simin !
- Dudu Adiku !
c. gothang jejer lan wasésanipun:
- Kala wingi !
- isih loro !
- Ora !
3. Ukara rangkep inggih punika ukara
ingkang panjang kadadosan saking kalih ukara lamba utawi langkung.
Ukara rangkep kapérang malih:
a. Ukara rangkep sadrajad
Tuladha:
- Aku nulis, adiku maca buku, simbok
olah olah,
- Wong iku gemi, mulané dadi sugih.
- Sepisan dhèwèké sregep, ping
pindhoné pancèn pinter.
b. Ukara rangkep raketan.
Tuladha:
- Simbok menyang pasar, déné
aku kon tunggu warung.
- Siman mbèlèh pitik, adiné mbubuti,
simbok kang ngolah.
- Dhèk wingi pité isih ditunggangi,
dhèk mau wis dicolong uwong.
c. Ukara rangkep tundha.
Wonten ing salebeting ukara tundha
wonten baboning ukara, inggih punika ukara ingkang dados undheraning
gineman lan wonten gatranipun (anak kalimat).
Gatra wonten pinten – pinten warni:
a. gatra jejer:
ukara ukara ingkang dados gegentosing
jejer,
Guruku .. .. , ndukani aku (ukara
lamba).
Wong kang mulang | aku | ndukani aku |
1 2 3
1. gatra jejer, 2. wasésa, 3. lésan
kang nandang
b. gatra wasésa:
ukara ingkang dados gegentosing
wasésa.
Panjaluké .. .. , dituruti (ukara
lamba).
Panjaluké | aku sregep sinau |
1 2
1. jejer, | 2. gatra wasésa |
c. gatra lésan:
ukara ingkang dados gegentosing lésan.
Aku ngleksanani panjaluké (ukara
lamba).
Aku ngleksanani | apa | kang
dikarepaké |
1 2 3
1. jejer, 2. wasésa, 3. gatra lésan
d. gatra katrangan:
ukara ingkang dados gegentosing
katrangan.
Simin arep mulih sésuk (ukara lamba).
Simin arep mulih | menawa aku | wis
bali saka Sala
1 2 3
1. jejer, 2. wasésa, 3. gatra
katrangan
Caranipun Ngudhal:
Simin arep mulih, menawa aku wis bali
saka Sala.
Simin = jejer
arep mulih = wasésa
arep = katrangan mangsa
menawa aku bali saka Sala = gatra
katrangan
menawa = katrangan sarat
aku = jejer gatra katrangan
wis = katrangan wektu (wekdal) gatra
katrangan
bali = wasésa
saka Sala = katrangan panggènan gatra
katrangan.
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar