Kamis, 03 Juli 2014

PARAMASASTRA (Panulisan baku lan boten baku)



PARAMASASTRA (Panulisan baku lan boten baku)



1. Bebuka

            Basa Jawi ing wekdal samangke nembe ‘naik daun’, amargi dados wucalan muatan lokal ing SD dumugi SMA/SMK/MA ing tigang propinsi inggih punika Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY. Basa Jawi dipunlebetaken kurikulum, dipunajab supados para siswa saged wicantenan ing basa Jawi langkung-langkung basa krama, luhur bebudenipun, lan nguri-uri kabudayan saha kasusastran Jawi. Pamulangan basa Jawi ing tingkat SMA/SMK/MA punika taksih enggal, nanging pamulangan basa Jawi ing tingkat SD tuwin SMP sampun dangu.

            Pamulangan basa Jawi ing samangke wonten kalih kaprigelan inggih punika kaprigelan ing babagan basa lan ing babagan sastra. Pamulangan ing babagan kaprigelan basa ngangge pendekatan komunikatif lan ing babagan kaprigelan sastra pendekatanipun apresiatif. Dados lare boten sinau teori basa lan sastra ingkang jlimet.

            Ngrembag pamulangan basa, wonten kahanan ingkang nrenyuhaken, inggih punika bab panulisan ejaan basa Jawi. Amargi ngantos samenika kula taksih menangi lare ingkang boten saged bentenaken panulisan a jejeg utawi a miring lan sanes-sanesipun.. Tuladhanipun menawi lare dipun dikte utawi kapurih ngarang, umpaminipun diutus nulis tembung suka, kathahipun dipuntulis suko. Arta dados arto, lunga dados lungo, aja dados ojo, kok- kapakake dados kok kapakake, kok leran-leren dados kokleran-leren, ragade dados ragate, arep dados areb, lair dados lahir, nglungguhi dados nglunggui, lan sapanunggalanipun.

            Menawi kita kedah migunakaken basa Indonesia kanthi EYD ingkang leres, semanten ugi kita kedah migunakaken basa Jawi kanthi EYD ingkang leres. Kula kinten, perlu malih anggenipun para dwija maringi wucalan panulisan baku basa Jawi, saingga lare saged ngertos pundi ingkang leres lan lepat. Salajengipun lare diparingi gladhen murih boten kesupen anggenipun ngangge Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan, saingga saged ngembangaken kaprigelan nyerat (Menulis).

            Lelandhesan kasunyatan kasebut ing nginggil, ing kalodhangan punika kula badhe ngaturaken bab paramasastra, mliginipun bab panulisan ejaan basa Jawi.























            Ing wekdal samangke, ilmu basa punika sampun majeng sanget. Semanten ugi basa Jawi. Ing kalodhangan punika kula kumawani nyerat bab Paramasastra, mliginipun paramasastra enggal, inggih punika paramasastra ingkang sampun dipunjumbuhaken kaliyan ilmu bahasa modern. Namung, sinaosa paramasastra gagrag enggal, boten ateges lajeng nilar pranatan ingkang sampun nate wonten ing basa Jawi. Upaminipun, istilah kados dene ater-ater, panambang lan seselan tasih kaserat.
            Paramasastra (tata bahasa) inggih punika sinau serat utawi ngelmu ingkang edi peni. Cakupan bab-bab ingkang dipunrembag paramasastra inggih punika widyaswara (fonologi), widyatembung (morfologi), widyaukara (sintaksis), widyamakna (semantik).

2. Widyaswara (Fonologi)
            Widyaswara saking tembung widya lan swara. Widya tegesipun ‘ngelmu’, swara tegesipun ‘uni’. Dados widyaswara inggih punika perangan paramasastra ingkang ngrembag lan nyinau bab swara utawi uni. Swara utawi uni ingkang dipunsinau inggih punika swara ingkang saged mbentenaken teges (distingtif ‘pembeda arti’). Tuladha:
(1). Soto          ¬  ®                         sotho
(2). Wedi         ¬  ®              wedhi
(3). saba           ¬  ®              sapa
(4). tuma          ¬  ®              tuwa
(5). kudu         ¬  ®              kuru

            Samangke taksih kathah para siswa ingkang dereng mangertos kadospudi anggenipun
























3. Widyatembung (Morfologi)
4. Widyaukara (Sintaksis)
5. Widyamakna (Semantik)
            Widyamakna saking tembung widya lan makna. Widya tegesipun ‘ngelmu’, dene makna tegesipun ‘teges (arti). Dados widyamakna inggih punika perangan ngelmu basa ingkang nyinau bab teges. Teges ingkang dipunrembag inggih punika teges ing tembung, frasa, lan ukara. Widyamakna nyinau bab sinonim, homonim, homofon, homograf, antonim.
5.1 Sinonim
            Sinonim inggih punika kalih tembung utawi langkung ingkang wujud lan panyeratipun benten nanging gadhah teges ingkang sami utawi mirip. Tuladha:
1). Sinonim ing ukara
(1a) Aku wis maca buku kuwi.
(1b) Buku kuwi wis takwaca.
(2a) Darmi nyapu kebon.
(2b) Kebon disapu Darmi.
            Ukara kasebat sami kekajenganipun, nanging boten sami persis tegesipun, amargi ukara ing (1a), (2a) awujud ukara tanduk, dene ukara ing (1b) lan (2b) kalebet ukara tanggap.
2). Sinonim ing frasa
(1a) Bocah pinter kuwi.
(1b) Bocah sing pinter kuwi.
(2a) wong tuwa
(2b) bapa biyung
            Frasa ing (1a) lan (2a) tegesipun sami persis kaliyan frasa ing (1b) lan (2b).
3). Sinonim ing tembung
(1)   jeneng lan aran
(2)   cepet lan rikat
(3)   langka lan arang
(4)   adhem lan atis
5.2 Homonim
            Homonim inggih punika tembung setunggal ingkang seratan lan panyeratipun sami, nanging tegesipun benten. Tuladha:
tembung
Teges 1
Teges 2
ngukur
Ngukur nganggo meteran
Ngukur jalaran gatel
suduken
Lara weteng amarga kuwaregen
Akon supaya nyuduk
duka
Ora ngerti
Nesu
mawa
nganggo
Geni
arep
gelem
Badhe ‘akan’
5.3 Homofon
            Homofon inggih punika tembung kalih utawi langkung ingkang swaranipun mirip (pocapanipun), nanging tegesipun benten. Homofon ingkang perlu kawigatosan inggih punika swara (fon=bunyi). Tuladha:
tembung
teges
1. anteb
Abot
    antep
karep
2. kulup
anak
    kulub
gudhangan
3. parab
Aran, jeneng
    parap
Tapak asta, tandhatangan
5.4 Homograf
            Homograf inggih punika tembung kalih utawi langkung ingkang sami panyeratipun, nanging tegesipun benten. Tuladha :
Tembung
Teges
1. Kendhang
Gamelan sing ditabuh nganggo epek-epek tangan
    kendhang
Keli, kentir
2. cemeng
Ireng
    cemeng
Anak kucing
3. kendel
Wani
    kendel
Leren, ngaso
4. meri
Anak bebek
    meri
Ewa ‘iri’
5.5 Antonim
            Antonim inggih punika tembung, frasa utawi ukara ingkang gadhah teges kosokwangsulipun. Tuladha:
  • gampang lan angel
  • sugih lan mlarat
  • melek lan merem
  • waras lan lara.
  • lsp.




































NGLERESAKEN INGKANG LEPAT

A = lepat
B = leres

1.   a. Nyuwun pirso rumiyin.
     b. Nyuwun priksa rumiyin.
2.   a. Konco kula pinarcoyo dados ketua.
     b. Kanca kula pinitados dados pangarsa.
3.   a. Sampun arang-arang wonten.
     b. Sampun awis-awis wonten.
4.   a. Tumrap kita sedoyo.
     b. Tumrap kula panjenengan (panjenengan kula) sedaya.
5.   a. Lik Kardi nggadhahi 3 maesa.
     b. Lik Kardi gadhah maesa tiga.
6.   a. Ingkang dipunwastani jamu makaten….
     b. Ingkang dipun wastani jampi punika….
7.   a. Bantuwan wujud material.
     b. Bantuwan wujud bandha beya.
8.   a. Lajeng dipunparingi uyah sakedhik.
     b. Lajeng dipun sukani sarem sakedhik.
9.   a. Kula nate ngingu welut.
     b. Kula nate ngingah welut.
10.    a. Ampun dicaritaaken dhateng konco-konco.
     b. Ampun dipuncariyosaken dhateng kanca-kanca.
12.    a. Pasar punika papanipun tiyang dol tinuku.
     b. Peken punika papanipun tiyang sade tinumbas.
13.    a. Sampun nyoba kaping lima.
     b. Sampun nyobi kaping gangsal.
14.    a. Kula ngirimaken kagungan kula piyambak.
     b. Kula ngintunaken gadhahan kula piyambak.
15.    a. Bab ing nginggil kala wau.
     b. Bab ing nginggil punika (kasebat).
16.    a. Pengertian ingkang sanget penting.
     b. Pangretosan ingkang wigati sanget.
17.    a. Ngulinakaken tindak-tindak ing wanci enjang.
     b. Ngulinakaken mlampah-mlampah ing wanci enjang.
18.    a. Badhanipun adhem sanget.
     b. Badhanipun asrep sanget.
19.    a. Celak kali hawanipun boten panas.
     b. Celak lepen hawanipun boten benter.
20.    a. Asma kawula Sumadi.
     b. Nama kula Sumadi.
21.    a. Penting kangge kita.
     b. Wigati kangge kula panjenengan sedaya.
22.    a. Becikipun badhan dipun gerakaken supados sehat.
     b. Saenipun (prayoginipun) badhan dipun ebahaken supados saras.
23.    a. Asta lan samparan kula gringgingen.
     b. Tangan tuwin suku kula gringgingen.
24.    a. Wonten mriki kemawon.
     b. Wonten ngriki kemawon.
25.    a. Menawi dipun keparengaken….
     b. Menawi dipun parengaken…..( Menawi kepareng, menawi kaparengaken)
26.    a. Mugia saged njumbuhaken….
     b. Mugi saged njumbuhaken….
27.    a. Mangkih kemawon..
     b. Mangke kemawon.
28.    a. Supadosa saged tentrem ayem.
     b. Supados saged tentrem ayem.
29.    a. Tugas kula sampun rampung.
     b. Ayahan (jejibahan) kula sampun rampung.
30.    a. Anak kula kalih kakung estri.
     b. Anak kula kalih jaler  estri.
31.    a. Srawung dhateng sesaminipun.
     b. Srawung kaliyan sesaminipun.
32.    a. Terutama tumindhak susila.
     b. Utaminipun tumindhak susila.
33.    a. Mugi-mugi pinanggihan punika sukses.
     b. Mugi-mugi pepanggihan punika kasil (murakabi, migunani).
34.    a. Sampun meluas dhateng mrika-mriki.
     b. sampun sumebar (mratah) dhateng pundi-pundi.
35.    a. Sedaya nggayuh surga.
     b. Sedaya nggayuh swarga.
36.    a. Keluarga ingkang saged mandiri.
     b. Kulawarga ingkang saged mandhiri.
37.    a. Menggah bentukipun tergantung ingkang dipun remeni.
     b. Menggah wujudipun gumantung ingkang dipun remeni.
38.    a. Kedah dipun bina terus-menerus.
     b. Kedah tansah kagulawentah (dipun budidaya).
39.    a. Tiyang pasaduluran mesthi kathah luputipun.
     b. Tiyang pasadherekan temtu kathah lepatipun.
40.    a. Dados alat tukar menukar.
     b. Dados pirantos lelintonan.
41.    a. Namung kangge sementara mawon niku.
     b. Namung kangge sawatawis kemawon punika.
42.    a. Sampun cocok kaliyan rencananipun.
     b. Sampun cocok kaliyan rancanganipun (rantamanipun).
43.    a. Mangga sami dipun nikmati sareng-sareng.
     b. Mangga sami dipun emataken sesarengan.
44.    a. Masalah ingkang saling berkaitan.
     b. Bab ingkang sami dene gegayutan.
45.    a. Punika cucal sardula.
     b. Punika wacucal (walulang) sawer.
 (M.A. Sudi Yatmana, kapethik saka Pustaka Candra).




















































Vokal basa Jawi:


Vokal
Caranipun maos
Dipunwastani
Tuladha
a
[O]
a jejeg
lara [lOrO]



sapa [sOpO]

[A]
a miring
aku [Aku]



ora [orA]




i
[ i ]
i jejeg
iki [iki]



pipi [pipi]

[ I ]
i miring
pitik [pitIk]



arit [ArIt]




u
[ u ]
u jejeg
udan [udAn]



tuku [tuku]

[ U ]
u miring
duduh [dudUh]



abuh [AbUh]




e
[ e ]
e pepet
enem [enem]



lemud [lemUd]

[ e ]
e jejeg
eman [emAn]



rene [rene]

[ e ]
e miring
penek [penek]



esem [esem]




o
[ o ]
o jejeg
omah [omAh]



kebo [kebo]

[O]
a jejeg
pawon [pAwOn]



dhayoh [dAyOh]















·        Panulisan Vokal:

1a. Yen ana swara a jejeg utawa [ O ] ing tembung lingga diwuwuhi panambang -e utawa [ e ], swara a jejeg mau dadi swara a miring [A] , swara a jejeg ing tembung mau kudu ditulis nganggo aksara a.

Tuladha:
arta            +       -e                = artane
[ArtO]                                       [ArtAne]

bala            +       -e                = balane
[bOlO]                                       [bAlAne]

segara         +       -e                = segarane
[segOrO]                                    [segArAne]

sisa             +       -e                = sisane
[sisO]                                          [sisAne]
         
          Dadi tembung arta, bala, segara, sisa, ora kena ditulis arto, bolo, segoro lan siso, jalaran swara a jejeg utawa [O] ing tembung kuwi bareng diwuwuhi panambang –e, swara a jejeg malih dadi a miring utawa [A].

1b. Yen ana swara a jejeg utawa [O] ing tembung lingga diwuwuhi panambang –e utawa [e] swara a jejeg mau ajeg, utawa ora malih dadi swara a miring utawa [A], swara a jejeg ing tembung mau kudu ditulis nganggo aksara o.

Tuladha:
Growong    +       -e       = growonge
[grOwOng]                                [grOwOnge]

bolong        +       -e       = bolong
[bOlOng]                          [bOlOnge]

kopi            +       -e       = kopine
[kOpi]                               [kOpine]

oyod           +       -e       = oyode
[OyOd]                             [OyOde]

          Dadi tembung growong, bolong, kopi, oyod ora kena ditulis grawang, balang, kapi lan ayad, sabab swara a jejeg ing tembung mau bareng diwuwuhi panambang –e, ora malih dadi swara a miring [A].







2. Panulise i swara miring utawa [I]

          Yen ana swara i miring utawa [I] ing tembung lingga kang swarane memper e jejeg utawa [e] lan diwuwuhi panambang –e [e], swara i mau malih dadi swara i jejeg utawa [i], swara i miring ing tembung mau kudu ditulis mawa aksara i.
Tuladha:
·        Cacing        +       -e       = cacinge
[cAcIh]                             [cAcihe]
·        maling        +       -e       = malinge
[mAlIh]                            [mAlihe]
·        pitik            +       -e       = pitike
[pitIk]                               [pitIke]
·        wajik          +       -e       = wajike
[wAjIk]                             [wajike]
·        rawit           +       -e       = rawite
[rAwIt]                             [rawite]

          Dadi tembung cacing, maling, pitik, wajik,lan rawit ora kena ditulis caceng, maleng, pitek, wajek, lan rawet, sabab i miring [I] ing tembung mau bareng diwuwuhi panambang –e, swara i miring dadi swara i jejeg [i].

3. Panulisan u swara miring utawa [U]
          Yen ana swara u miring utawa [U] ing tembung lingga sing swarane memper o jejeg utawa [o] terus diwuwuhi panambang –e utawa [e], swara u miring mau malih dadi swara u jejeg utawa [u], swara u miring ing tembung mau kudu ditulis nganggo aksara u.

Tuladha:

Jagung       +       -e       = jagunge

[jAgUh]                            [jAguhe]

wedhus       +       -e       = wedhuse
[wedUs]                            [weduse]

siwur          +       -e       = siwure
[siwUr]                             [siwure]

watuk         +       -e       = watuke
[wAtUk]                           [wAtuke]

weruh         +       -e       = weruhe
[werUh]                            [weruhe]

          Dadi tembung jagung, wedhus, siwur, watuk, lan weruh ora kena ditulis jagong, wedhos, siwor, watok, lan weroh, jalaran swara u miring utawa [U] ing tembung mau bareng diwuwuhi panambang –e, swara u miring ing tembung kuwi malih dadi swara u jejeg utawa [u].




·        Panulisan Mandaswara

Sing kalebu swara mandaswara kayata: y, w, lan h. Swara y, w, lan h antarane basa Indonesia lan basa Jawa iku ora padha. Supaya cetha ing ngisor iki dijlentrehake:

1). Swara y
          Ing basa Jaw, swara y kudu ditulis. Swara y sing kudu ditulis ing basa Jawa kuwi swara y ing tembung lingga. Nanging menawa ing tembung andhahan utawa tembung lingga diwuwuhi panambang lan metu swara y, swara y iki ora kena ditulis.

Tuladha :
(1). Ing tembung andhahan
          rabi   +       -a      = rabia ora kena ditulis rabiya
          wani  +       -a      = wania ora kena ditulis waniya
          rene   +       -a      = renea ora kena ditulis reneya
          bali   +       -a      = balia ora kena ditulis baliya
          sare   +       -a      = sarea ora kena ditulis sareya

(2). Ing tembung lingga

Basa Jawa
Basa Indonesia
prasetiya
prasetia
satriya
satria
priya
pria
niyat
niat

2). Swara w
          Ing basa Jawa, swara w kudu ditulis. Sing ditulis ing basa Jawa kuwi swara w ing tembung lingga. Dudu swara w sing metu ing tembung andhahan.

Tuladha:
(1). Ing tembung andhahan
          biru   +       -a      = birua ora kena ditulis biruwa
          tuku  +       -a      = tukua ora kena ditulis tukuwa
          turu  +       -a      = turua ora kena ditulis turuwa
          rono  +       -a      = ronoa ora kena ditulis ronowa
          ijo     +       -a      = ijoa ora kena ditulis ijowa

(2). Ing tembung lingga

Basa Jawa
Basa Indonesia
bruwang
Beruang
buwang
buang
dhuwit
duit
guwa
gua
tuwa
tua




3). Swara h
          Ing basa Jawa swara h ora ditulis, nanging yen basa Indonesia swara h malah kudu ditulis. Swara h kang ora ditulis ing basa Jawa iku, swara h ing tembung lingga kang diapit vokal loro sing beda unine. Vokal loro sing sok ngapit swara h yaiku vokal i-a, lan vokal a-e. Nanging menawa ana tembung lingga kang wekasane aksara h, lan tembung iku diwuwuhi panambang, aksara h ing tembung lingga kuwi ora ilang (ora luluh), sanadyan ing pocapan swara h kaya ilang utawa kaya ora ana.

Tuladha:
(1). Ing tembung andhahan
          duduh        +       -e       = duduhe ora kena ditulis dudue
          weruh         +       -e       = weruhe ora kena ditulis werue
          uyah           +       -e       = uyahe ora kena ditulis uyae
          adoh           +       -e       = adohe ora kena ditulis adoe

(2). Ing tembung lingga
Basa Jawa
Basa Indonesia
jait
jahit
pait
pahit
lair
lahir
jae
jahe

          Apa sababe tembung duduhe, weruhe, uyahe, lan adohe ora kena ditulis dudue, werue, uyae, lan adoe ? Sabab tembung duduhe, weruhe, uyahe, lan adohe kuwi saka tembung lingga duduh, weruh, uyah, lan adoh.









·        Panulisan Swara Anteb

Swara anteb b, g, lan d sok cawuh karo swara p, k, lan t. Luwih-luwih yen aksara iku dumunung ing buri dhewe. Cawuhe swara kuwi jalaran ora bisa mbedakake endi sing basa Jawa lan endi sing basa Indonesia. Prayogane ing panulisan swara anteb iki aja dicawuhake, sabab antarane basa Jawa lan basa Indonesia beda.
Tuladha:
(1).    Kitab          ora ditulis   kitap
          sabab                   ora ditulis   sabap
          rebab                   ora ditulis  rebap
          murub        ora ditulis   murup
          abab           ora ditulis   abap

(2).    Ambleg      ora ditulis   amblek
          bedhug       ora ditulis   bedhuk
          gudheg       ora ditulis   gudhek
          gubug         ora ditulis   gubuk

(3)     babad         ora ditulis   babat
          joged          ora ditulis   joget
          kesed          ora ditulis   keset
          ragad                   ora ditulis   ragat
          saged          ora ditulis   saget

          Tembung kitab, sabab, rebab, murub, abab, (1) ora bener yen ditulis kitap, sabap, rebap, murup, abap. Tembung ambleg, bedhug, gudheg, gubug, (2) ora bener yen ditulis amblek, bedhuk, gudhek, gubuk. Tembung babad, joged, kesed, ragad, lan saged (3) ora bener yen ditulis babat, joget, keset, ragat, lan saget.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar