Kamis, 03 Juli 2014

Tembung sesulih



Tembung sesulih
Tembung sesulih (Basa Indonésia: kata ganti utawa pronomina), kuwi tembung sing dipigunakaké minangka sesulih utawa pengganti sawijining wujud (benda), supaya ora disebutaké bola-bali.
Déné tembung sesulih iki bisa dipérang :
§  Tembung sesulih sing mratélakaké wong (kata ganti orang)
§  Utama purusa (kata ganti orang pertama): aku, kula, kita, kawula, ingsun
§  madya purusa (kata ganti orang kedua): kowé, sampéyan, panjenengan, dika
§  pratama purusa (kata ganti orang ketiga): dhèwèké
§  tembung sesulih pandarbé (kata ganti milik):panambang ku ing 'omahku'
§  Tembung sesulih panuduh sing mratélakaké dumununging barang (kata ganti tunjuk)
§  Tembung sesulih sing dadi tembung panggandhèng (kata ganti hubung)
§  Tembung sesulih minangka pitakon (kata ganti tanya)
§  Tembung sesulih barang sing ora genah (kata ganti tak tentu)

Tembung sesulih panuduh

Tembung sesulih panuduh punika tembung ingkang nedahaken dununging barang utawi bab tinamtu. Tembung sesulih panuduh kabédakaken:
1. panuduh limrah, tuladhanipun: iki, iku, kuwi, ika, kae, niki, niku, nika, punika, nganu, anu.
2. Panuduh papan, tuladhanipun: kene, kono, mara, ngriki, ngriku, ngrika. 3. Panuduh bab, tuladhanipun: ngene, ngono, ngana, ngaten, makaten.
Tembung réné, rono, rana boten kalebet tembung sesulih panuduh papan, sabab tembung punika asalipun saking mréné, mrono, mrana ingkang mujudaken wancahan saking mara kéné (mréné), mara kono (mrono), mara kana (mrana). Tigang tembung punika kalebet tembung kriya.

Tembung sesulih pandarbé

Tembung sesulih pandarbé inggih punika salah satunggiling tembung sesulih (Basa Indonesia: kata ganti). Tembung sesulih pandarbé punika wonten ingkang manggèn ing sangajening tembung, inggih punika dak-, mang-, ko- saha ing sawingkinging tembung, inggih punika-ku,-mu, saha -e.
Tembung sesulih pandarbé punika kaginakaken ing ngoko, kajawi mang- ingkang kaginakaken ing basa krama(krama madya). Tembung sesulih pandarbé dak- ing basa krama lajeng éwah dados kula. Klitika kok-, mang-, -ku, -mu ing basa krama éwah dados sampeyan utawi panjenengan. Klitik -mu kadhang kawis éwah dados ingkang ing basa krama.
Tuladha: dakpangan--> kula tedha koktuku--> mangtumbas-->sampeyan tumbas utawi panjenengan pundhut. Dhuwitku-->arta kula. Bapakmu-->Bapak sampeyan-->bapak panjenengan, ingkang rama.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar