Tembung camboran
Tembung camboran (basa
Indonesia: kata majemuk), kuwi rong tembung utawa luwih kang
digandhèng dadi siji ngliwati sawijining prosès morfologi. Prosès morfologi
yakuwi prosès owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduwèni kategori
lan makna wutuh, saéngga polimeorfem iku disebut tembung. Jroning basa jawa,
ana telung prosès morfologi sing disinaoni, yakuwi: prosès wuwuhan
(pengimbuhan), prosès rangkep (pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan).
Prosès camboran (pemajemukan) yaiku prosès panggabungan morfem dhasar, sing
biasa digabung yakuwi lingga karo lingga liyané. Camboran dipérang dadi loro,
yaiku: camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing
konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar arupa
camboran sing konstruksiné kapisah lan maknané isih digabung, saliyané kuwi
unsuré isih bisa digolèki.
Miturut wutuh orané, tembung camboran iki
kapérang dadi loro, yakuwi:
§ Tembung cambaoran wutuh,
contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
§ Déné wujud sijiné yakuwi
wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji
bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima,
nasgithel:panas legi kenthel lsp.
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné,
tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:
§ Tembung camboran kang
nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang
surung, sandhang pangan lsp. Reroncèn tembung bisa uga ditambahi tembung
"lan" utawa"saha".
§ Tembung camboran kang
tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu
kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
§ Tembung camboran kang
tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra
kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.
Tembung camboran kang sambungan (sandhi)
né awujud wandamenga (basa Indonesia: suku kata terbuka) lan
wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba)
dadi siji dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garban.
Tuladha:
§ a + a = a
Kusuma + astuti = kusumastuti
§ a + i = e
Teka + ing = tekèng
Ira + iku = irèku
§ a + e = e
Warna + edi = warnèdi
§ a + u = o
Wira + utama = wirotama
§ i + a (i,e,o,u) = y
Sami + oncat = samyoncat
§ u + a (i,e,o,u) = w
Tumuju + ing = tumujwèng
Sawetara ater-ater utawa panambang kang
wanguné kaya wanda kasebut uga dadi sandhigarban. Tuladha:
§ sa +ulah = solah
§ sami + a = samya
§ ke + legi + an = kelegèn
Tidak ada komentar:
Posting Komentar